Belambangan lan Kho Ping Hoo
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 21 Oktober 2020 07:19 WIB)
- Resensi

Judhul: Kemelut Blambangan
Pengarang: Asmaraman S. Kho Ping Hoo
Ilustrator: Win
Halaman: 64 (22 jilid)
Penerbit: CV Gema
Wong hang dhemen cerita silat, mesthi wis kulina maca aran Asmaraman Sukowati Kho Ping Hoo (KPH). Pengarang iki sak suwene 30 taun wis ngarang 137 judhul cerita, 112 cerita nganggo latar China lan 25 cerita silat latar Indonesia. Hing mung sampek semono, iyane iki ya ngarang ceritane dhewek, ngetik dhewek, nyetak bukune dhewek lan masaraken dhewek buku-buku ceritane.
Saben judhul dicetak 10.000 buku lan cetak ulange saiki magih bisa 500 buku. Buku novele cilik-cilik ukuran 10,5x13,5cm lan kandele 64 halaman nong kertas setensilan. Ring kios-kios penyewaan komik lan novel bengen ring Banyuwangi cerita KPH iki dadi salah siji hang akeh disilih pembaca. Masiya delengane bukune elek, samak mung nganggo rong werna, taping sekali maca hing keneng diendheg. Marek sak jilid nagih nong jilid lan sak teruse. Hang maca kaya wong edan hing weruh wayah merga ceritane hang kadhang kaya buledan, siji tokoh kecaruk liyane lan liyane maning taping magih ana gandhengane.
Hing kaya penulis cerita liyane umpamane kaya Bastian Tito hang ngarang tokoh Wiro Sableng nganggo cara lucu-lucuan, KPH nggawe cara dhewek lan dhemen nganggo istilah-istilah silat Mandarin tepak nerangaken jurus-jurus lan ceritane. Kayata: Hoat-sut (ilmu sihir), sin-kang (tenaga sakti), lwee-kang (tenaga dalam). Hing maido polae iyane mula keturunan China. Naming iyane hang lair ring Sragen taun 1926, setemene hing bisa maca lan nulis Mandarin. Mangkane rujukan cerita hang dienggo kerep mbingungaken ahli sejarah hang weruh juntrungan cerita sak benere.
Metu judhul-judhul hang didhemeni pembaca kayata: Bu Kek Siansu (Menungsa Setengah Dewa), Suling Emas, Sepasang Pedang Iblis lan liya-liyane.
Ana uga Pecut Sakti Brajakirana hang dicetak ulang nganggo judhul tambahan Kemelut Blambangan. Ditulis ring 22 jilid buku.
Kadhung ana cerita bab Blambangan lan hang nulis wong Jawa utawa nggawe referensi Jawa mesthi Blambangan iku minangka wong hang elek, wong hang kalah lan wong hang jahat. Kelebu cerita Kemelut Blambangan iki.
Kayane KPH njuwut ceritane teka Babad Tanah Jawi hang nyeritakaken raja Blambangan Santa Guna (nong cerita iku arane Adipati Santa Guna Alit) hang nduwe penasihat aran Bhagawan Kalasrenggi, nyerang Pasuruan taping bisa dikalahaken ring Mataram. Blambangan dibantu pasukan Bali (Klungkung) lan pasukan Medura taping tetep kalah merga saktine lan dhuwure ilmu para pendhekar hang mbantu Mataram.
Ceritane diudheg ambi kekancan hang aneh antarane pendhekar sakti tokoh utamane hang aran Bagus Sajiwo ambi lare wadon hang nyamar dadi kare lanang hang aran Joko Darmono (endane hing bisa nengeri gok pendhekar hebat hang dadi kancane ngulandara iku setemene lare wadon hang welas nong iyane. Taping yaiki hang aran fiksi, bisa sak karepe hang nggawe cerita).
Kerana kepentingan pulitik jaman semana, ring matane sejarah wong Jawa, Belambangan yaiku mau, mung kerajaan ring pucuk wetan, panggonane raja hang digawe teka asu. Taping aran fiksi, tetep bain iki dudu fakta sejarah hang bisa dipercaya.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.