Biografi, Museum lan Galeri S. Yadi K

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 24 Desember 2024 07:52 WIB)
- Laporan



Tepak 100 dina sampek umure pelukis S. Yadi K., keluwargane nggawe iwuh ngenalaken museum lan galeri, uga meleciraken buku biografine dina Sabtu kepungkur (21/12).
   Keluwargane ditinggali 300 lebih karya seni kaya sketsa lan lukisan hing mung karyane Kang Yadi taping ana pisan karyane pelukis liya, jare anake lanang,  Firman Aji Prasaja hang nerusaken getih seni bapake minangka pelukis. Iyane lulus teka jurusan Seni Murni ring Institut Kesenian Jakarta (IKJ).
   Museum lan galerine iki dikarepaken bisa dadi panggonan sinau utamane lalare Banyuwangi, jare Aji. Teka 300 karya seni, cumpu akeh hang durung tau diduduhaken nang wong umum, malah keluwarga bain hing weruh.
   Bupati Ipuk Fiestiandani tepak ngewani sambutan ngomong gok seni iku wis ana ring getihe wong Banyuwangi.
   "Kene iki dudu mung penikmat tapi uga nerusaken paran hang wis dikawiti ambi ruwahe hususe ring seni rupa," jare Bu Ipuk.
   Buku biografine ditulis utamane ambi Henri Nurcahyo, aju ditambahi ambi tulisane Agus Dermaman T., seniman lan kurator seni nasional asal Rogojampi hang uga tau ngejak Kang Yadi melaku-melaku nang Eropa sak perlu ngenalaken seni sak donya, lan ana tulisane akademisi teka Bali I Wayan Sri Yoga Parta.
   Penerbitane rada kesandhet sithik merga Kang Yadi hing ana taping pihak keluwarga mutusaken kanggo nerusaken kelawan nggawe panitiya hang diketuai Aji hang biyasah diceluk Jibon, jare penulise Henri Nurcahyo.
   Bu Ipuk ngaku wis tau maca tepak diduduhi penulise lan ngomong gok lalare enom perlu maca bukune kanggo pelajaran lan ngewani semangat.
   "Lalare enom saiki mula ngadhepi jaman hang lebih gampang kelawan anane teknologi, AI, dadi lalare bisa gampang merujukaken getih senine.
Masiya sedhilut kenal ambi Kang Yadi, jare Bu Ipuk kang Yadi wonge sabar, duwe pengerten, lan nyokong paran bain hang dilakoni pemerintah.
   Henri nulis ring bukune gok Supriyadi Kusnun hang dhemen nulis arane S. Yadi K, anake supir trek hang sekolahe nang SMEP aju SMEA nemokaken gok iyane dhemen ngelukis. Tau megawe serabutan ring Jakarta suwine telung taunan aju nemokaken Bali minangka panggonan hang cocog ambi cita-citane.
   Sampek iyane nemu teknik hang dadi ciri lukisane dhewek. Kawitane iyane dhemen ngelukis nganggo medhiya kertas lan cat air. Taping merga kolektor lebih ngeregani lukisan ring kanvas, iyane pindah nganggo kanvas taping bisa nggawe efek cat air tetep metu, yaiku kelawan nyiram lukisane ambi banyu.
   Jare Pak Sarwo Prasojo, kurator museum lan hang mbantu milihi karyane Kang Yadi kanggo dipameraken bengi iku, teknike Kang Yadi iku unik, nawi mung ana siji-sijine nang Indonesia.
   Kadhung pelukis Banyuwangi hebat liyane ruwahe Pak Mozes duwe ciri dhewek lan bisa ngajari wong liya teknik lukisane, Kang Yadi hing bisa nularaken ilmune merga Kang Yadi dhewek hing bisa mbaleni efek hang metu nang lukisane merga efek asile hing bisa dibaleni maning. 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor