Biskop Bengen: Pengalamane Lare Desa Kawitan Nonton (bagiyan 4)
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 16 Agustus 2025 07:13 WIB)
- Opini
Biskop Bengen: Pengalamane Lare Desa Kawitan Nonton (Bagiyan 4)
Ater-ater: Ana lare Kedungliwung arane Wiwik Andayani hang melebu SMPne ring kutha Banyuwangi. Iyane nyeritakaken pengalamane kawitan ndeleng biskop jaman bengen.
Ndeleng biskop ring Suazana utawa Irama bisa geratisan, kanggo keluwarga pulisi utawa TNI. Angger dina Kemis jatahe polisi, Wiwik diejak pakdhene nonton gratis.
"Seru girange biyasah urip nang desa sing ana biskop. Nong desa, tontonane kadhung ana wong duwe gawe nanggap Janger, drama KL, gandrung, macaan, Aljin. Iku buru ndeleng sampek subuh."
Serta sekolah SMP, kos nang asrama pulisi Kelampok, mari-mari girang angger Kemis nonton biskop. Dhasar lare desa biyasah nang lingkungan pondhokan..
Buru melebu nang njero gedhung Suazana, bingung, tulih-tulih ngulon ngetan ngalor ngidul. Jare pikir iki panggonan paran? Serta layar metu gambare, isun takon nang anake Pak dhe, iku uwonge nang jero? Misanisun ngakak gemuyu ambi ngongkon nonton bain, engko yara ana ceritane.
Tepak serius nonton, yara lampu murub, pas ceritane ngenes, keneng sorote lampu, isun bangete geruh-geruh nangis. Ya seketane isin ambi bingung. Nawi ditulihi uwong, ketang jare istirahat.
Kenangan hang seru berkesan kawitan ndeleng biskop.
Serta dina Sabtu isun mulih nang Kedungliwung kerana Minggu perei lulusan SD angkatanisun, lare wadone mung lare telu hang nerusaken sekolah nang SMP tapi mung nang sekitaran Gendoh. Dene liyane melebu pondhok pesantren Kedungliwung. Siji-sijine hang sekolah nang kutha ya mung isun.
Angger Minggu kanca hang nang pondhok hun undang merga pondhoke ning samping umah lan Pak yaine keitung dulur ambi isun. Dadi gampang metune kumpul nang umahisun.
Ambi akesi lare kutha, sok gaya, isun cerita ndeleng biskop. Kanca-kanca padha ndelahom ngerungokaken.
Ana hang semaur, enak ya sekolah iku.
Taping sungguh mati isun sing cerita hang sun alami sak benere. Isun nggawa buku kenangan, lalare kon ngisi nama, alamat bintang, cita-cita, kata kenangan.
Kabeh padha bingung merga hing ngarti. Ya setemene kaya isun blongoh-blongoh tepak melebu SMP sing ngarti gedigonan iku. Ambi kemeruh, hun jelasaken siji-siji maksude.
Yara jare kancanisun hang aran Insiyah "Hih kari enak ya sekolah iku. Isun kepingin sekolah."
Yara Mbok Insyiah nempuhi hing gelem mondhok. Ahire taun ngarepe disekolahaken ning Kalisat milu embahe.
Merga Mbok In larene ayu, kulitane putih, rambute semu soklat, sekolah smp, akeh hang ndhemeni. Dhasar embahe wong Medura Kalisat, yara lulus SMP dilamar wong Medura Kalisat lan dikawinaken.
Kanca-kanca hang nang pondhok angger Minggu nganteni isun mulih. Nganteni dongenganisun bab sekolah. Isun cerita hang apik-apik.
Isun hing cerita gok isun tau ulih biji enol matematika.
Ceritane merga Minggu mulih nang Kedungliwung hing belajar. Isun nang umah memengan thok. Dina Senen ulangan. Senen ulangan perotongan. Hun garap ngawur. Marek ulangan, diceluki siji-siji lan asile dibagi. Wayahe giliranisun, Pak Samsuri guru matematika, gedigi nyeluke: Wiwik Andayani...Kedungliwung endhog-endhogan...muludan.
Isun maju njuwut asile ulangan. Jare pikir apuwa kok nyebut muludan endhog-endhogan. Serta kertas ulangane dibagi, ketang isun oleh enul bin endhog, bunder diendohi kuping, mata kaya gambare lare munyik. Kanca-kanca sing ana hang ngarti tapi isun isin karepe dhewek. Weruh endhog ana kupinge. Isun temungkul lungguh nang bangku. Pak guru muni Wiwik belajar ya. Isun mung manthuk.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Poto: Biskop Suazana, insert: Wiwik jaman SMP
Editor: Hani Z. Noor