Biskop Bengen: Tingkahe Penonton (Bagiyan 3)
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 15 Agustus 2025 07:28 WIB)
- Laporan
Bioskop Bengen: Tingkahe Penonton (Bagiyan 3)
Tepak jamane taun 1950/60an, biskop ring kutha dadi salah siji puser ngumpule maneka macem uwong.
Hing maido sebagiyan penonton tingkahe kaitung ndhesit kadhung ukurane lare saiki.
Taun 1950an, promosi pilem hang main nganggo dhongkar sak tabuhane keliling kutha, jare Pak Abdul Hamid, wong Kemasan hang saiki manggon ring Jakarta.
Penonton biskop Suazana, Tengah, Irama utamane hang kelas telu (karcise paling murah, lungguh ngarep dhewek) kala semono seru ramene, keplok kadhung lakone menang.
Kadhung bintang pilem tepak ngerundhuk-ngerundhuk, penonton mbelani lakon, nguweni weruh lakone "Awas, mburinira bajingan!"
Kala-kala biskop maine kasep merga sepur hang nggawa pilem teka Surabaya kasep nggaduge, penonton ngamuk.
Kadhung pileme kakehen omongan, (kurang action) penonton geludhagan, bangku dawa diciciraken ambi berak-berak: "Elek, picis susuken".
Masiya disedhiyani cedhing, kadhung tepak muter pilem action perang utawa koboi, akeh wong hang padha nguyuh ning njero, hing kober metu nang cedhing.
Ring biskop Suazana tepak pilem durung diputer, mesthi nyetel musik (kadhung istilah saiki disebut elevator music). Ana siji lagu barat hang mesthi diputer kang has Suazana. Seperungonisun gedigi:
"sweelet sweelet sweelet...dum..." tapi kanggonisun lan rata-rata penonton kaya dadi ucap rusuh, unine dadi (siilit silit slilit ....). Endane lagu paran iku tah wis? Seperene hing nemu jawabane.
Ring biskop Irama, isun kerep nderobos kanggo nonton. Kulone gedhung ana got saluran banyu, peteng.
Merga hing duwe picis utawa durung umur isun merangkang liwat got langsung cedhinge biskop Irama pinggir elor. Peteng-peteng isun lungguh ning kelas 2 utawa kelas 3.
Ceritane Wak Hasnan Singodimayan, promosi pilem mula ana dhongkar keliling kutha. Kapan tepak pilem Tarzan ana wong hang nganggo kelambi ala Tarzan hang ngadeg ring ngarepe Biskop Tengah.
Kadhung ana pilem Jawa (pilem Indonesia), ana tabuhan angklung ngungkung sedinaan.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.






