Biskop Suazana, Riwayate Saiki (Bagiyan 2)

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 14 Agustus 2025 07:39 WIB)
- Laporan



Hing ana hang jaya selawase ring donya iki, abane sastrawan Using Kang Ujik tepak nduduhaken pideone kahanan gedhung biskop Suazana saiki teka njero.
   Kursine padha ilang, plapone wis sesehan. Temboke balkon lumuten. Keramik pelesteran dhedhegan. Ngingsore balkone dadi kaya panggonan wong mbuwang dheket.
   "Gedhung iki ring taun 70-80an ngadeg ambi anggake hang nggawe uwong kepingin ngeleboni merga iki panggonan muter pilem lan wong kudu sampek dhesek-dhesekan sak perlu antri tuku karcis. Naming saiki nana hang ngereken kadhung paku-pakune coplok teka pilar-pilar. Kadhung genthenge hing kukuh maning nggandholi cekelane, dina ancure mesthi kedaden."
   Kang Ujik cerita pengalamane nonton pilem ring kono jaman bengen. Macem-macem kelire uwong Banyuwangi hang ndeleng bioskop. Jaman kawit-kawitane pileme Oma Irama uwong desa padha teka ning Suasana ambi nunggang truk. Ana uga hang nunggang kol buntung.
   Ana salah sijine uwong wadon tuwek milu ndeleng ambi ngindhit wanci. Pantese kelebu uwong sugih ning desane. Nalika ditawani karcise kelas pira? Jawabe: pokoke hang ning panggung.
    Ulih panggonan ning balkon. Uwong tuwek mau wangune ndeleng pileme ambi nginang. Kerana peteng, dikira ning ngisor nana uwong. Kari enak rika. Ngecrot dubange sing kathik mikir. Mara-mara diidokaken mengisor bain.  Aja takon melunge uwong hang ndeleng ring kelas loro, ring ngingsore iku dulur.
    Maning serta wayahe Oma Irama tukaran lan disontoki. Hang aran penonton celathu sing karuwan.
   Ana maning, kelas lungguhe ndeleng pilem dipadhakaken ambi kelase lare sekolah. Kelendi tah mungele: "Eh kene Iki kelas telu taping kok dilungguhaken ring ngarep pareke layar."
    Kadhung dina Sabtu lan Minggu ana hang arane Student Show. Pilem hang digelar kanggo lare sekolah lan regane karcise lebih murah.
   Isun tau ndeleng pilem marek nemu pitik ning barongan jajang pinggirane Kali Lo. Nemune iku ambi hang duwe. Kerana apake jare wis nggeningaken pitike ilang, ahire isun ambi hang duwe pitik iku menyang pasar. Pitike diedol aju dienggo ndeleng bioskop ning Suazana. Kala semono dina Minggu. Wayahe student show.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor