Boom Bengen: Adus-adusan Dalu Tepak Padhang Ulan
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 11 Agustus 2025 06:18 WIB)
- Opini
Arane Boom kanggone generasi Banyuwangi sedurunge taun 1970-80an, sasate dadi jujugan kelenceran kanggone sapa bain.
Taun semono Internet durung ana, hape paran maning. Hiburan mung ana radhiyo, TV mung ana TVRI hang raina magih tutup, durung siaran 24 jam.
Dadi pelayune ya ning boom hang mula pesisir kanggo rakyat akeh. Sakliyane ana acara husus kaya tepak puwasaan lan lebaran, Boom bisa kanggo sapa bain. Prei bayar.
Isun kaya lalare kutha teka desa endi bain hang ndadekaken Boom hing mung jujugan kelenceran naming uga panggonan golet panganan.
Kadhung hing mancing, ndeleng wong nyothok nener lan benur. Wong hang njaring nener golet anake iwak bandeng hang mung katon matane sedheng awake magih putih kaya wernane banyu. Dene tepak sothokane ulih iwak-iwak cilik dibuwang merga iku dudu kelebu iwak hang digoleti. Iki hang dipuputi lalare.
Kadhung ndeleng wong njaring, milu-milu narik jaringe, engko diupahi pirangane iwak lemuru ambi wonge. Mulih paca nggoreng iwak
Kapan arep golet iwak dhewek, lare lancing hang rada gedhi-gedhi mancing nong pelawangan, parek dalan melebu metune banyu segara nang Boom Meneng, nyebur sampek banyu sak wedel. Ulihe akeh iwak terongan sak delamakan.
Lare-lare hang cilik kaya isun nyiyapaken palesane sakat dina Minggu sedurunge. Golet jajang, dipeceli, aju dikeroti kira-kira dawane sak meter setengah.
Palesan hang wis dadi ditaleni senar nong pucuke aju ditambahi betonan timah lan pancing. Timah betonan ya nggawe dhewek, dicithaki nganggo godhong gedhang hang diconthongi kaya wong nggawe lonthong.
Mangkat nang Boom hing nggawa empan, merga kudu golet sulung ring ngingsor sasak Cikar.
Golet urang nganggo jiret teka semat hang pucuke ditaleni serat hang dijuwut teka deboge gedhang. Nang ngingsore Sasak Cikar hang kiwa, banyune kening, akeh watu gedhi-gedhi hang akeh urange.
Jirete edheng-edheng dilebokaken matane urang, kadhung wis melebu, ditarik ambi diputer makene hing coplok. Urang dikelumpukaken kadhung wis dirasa cukup, buru melaku mancing.
Kadhung ngingsore Sasak Cikar hang tengen, iku ana muara buwangan banyu tawa. Pinggirane celot-celotan, panggonan uripe garek utawa cacing laut.
Teka umah nggawa cikilan kelapa dienggo empane garek. Cikilan hang marek dipamah aju dikeprosaken nang endhut celot-celotan. Engko gareke padha mecungul, kari nyekel lan narik. Garek, cacing hang ana sikile iki dadi empan hang didhemeni iwak.
Kanggone lalare cilik (sak umuran SD) panggonan hang enak mancing ring kapal-kapal cunia utawa perahu selereg teka Medura hang dhirik ring Boom meneng.
Enak mancing ana tebengane, dadi hing kepanasan, masiya ulihe sukur iwak-iwak cilik. Ulih sak gorengan girang wis.
Kadhung iwak hang rada gedhi-gedhi enake mancing ring sasak sepur. Ring tengah-tengah sasake iku ana bangunan beton hang rada endhep timbang ril. Kadhung ana sepur liwat, magih aman.
Ulihe iwak hang rada gedhi-gedhi. Akeh iwak mujaer laut hang rada kandel-kandel timbang mujaer banyu tawa.
Bengen kadhung tepak padhang ulan, isun sak keluwarga nang Boom marek magerib. Emak nggawa rantang hang isine sega, jangan sak iwake. Ring pesisir Boom Ombak akeh wong hang melaku ngalor ngidul. Akeh hang adus-adusan. Masiya dalu kerasa padhang merga sunare ulan andhung-andhung.
Marek nggelar kelasa, isun langsung ngothak kelambi, adus nong segara. Kerasa elom, minggir njaluk dulang sega ring Emak. Wareg nyebur maning.
Kadhung wis arepe mulih, digiring Apak nang cedhing kantore, Bea Cukai hang ana ring Boom seperene.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.