Boom (Jaman) Bengen

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 02 Agustus 2025 07:41 WIB)
- Laporan



Boom (Jaman) Bengen

Marek diuwote tulisan Boom Bengen (bdc 1/8/25) ana pirangane komentar teka wong-wong lawas bab pengalamane ambi Boom.
   Hang sepisan ana Pak Abdul Hamid wong Panderejo hang saiki manggon ring Jakarta, mbeneraken soal aran hang disebut penulis artikel iku "dermaga bunder".
   Kadhung jaman taun seketan Boom Bunder iku diceluki "boom meneng", hang ring selat Bali iku dijuluki "boom ombak".
Boom meneng iku embung ketemune boom ombak (asin) ambi bungkasane (hilir) kali Lo (tawar) hang nyigar kutha Banyuwangi, jare Pak Hamid.
   Jaman taun 1935-45 kapal-kapal pendharat (jenis LCM) bisa melebu sampek sebelahe kampung Mandar. (Malah taun 1970an magih akeh bathange kapal-kapal jenis LCM iki hang mecungul hing duwe daya merga awake wis setengahe kesilep ring banyu bagiyan wetan Boom Meneng-red).
    Tambah ceritane Pak Hamid: "Memengan paling adoh iku Boom. Kadhung wis memengan merana rasane lanang temenan. Polae diluar jangkauan keluwarga nggoleti. Lare wadon hing ana hang wani menyang nang boom, ilok-ilok ngelanangi."
   (Mula seliyane panggonan awak-awak kapal teka njaba pulo kayata Medura lan Sulawesi, ring Boom ana gudhang-gudhang panggon megawene wong lanang sakat jaman Indonesia durung merdheka. Malah kecathet sakat taun 1920an, gudhang-gudhang iku dienggo nyimpen gedhang lan kopra hang arep diekspor. Uga ana panggonan muter endhase sepur. (Dadi temenan mula panggonan kanggo wong lanang-red).
   Jare Pak Hamid, Boom iku ya panggonane mothèl. (buka puwasa hang durung wayahe). Hing ana tangga hang weruh. Akeh wong dodolan sega pelasan sambele pedhes, Ngombene banyu kendhi diweni awak kapal-kapal layar Buton."
   Ana pisan Bu Titin Fatimah hang nulis "Kenangan Isun magih cilik ning Boom hing akeh, mung nyabrang nang Gilimanuk, ngganggo perahu. Pelabuhan penyeberangane ya hang diarani Plengsengan saiki, ngarepe Gudang Boom  (Kawasan Boom Heritage)."
   Hang pungkasan, ana ceritane Kang Ujik, sasterawan Using hang buru bain meleciraken novele Ontrang-Ontrang Langit Payaman: "Dina Minggu isuk Boom panggonanisun dodolan gedhang goreng lan es lilin. Bengen ring tengah-tengah selat Bali iku ana pelampung. Sekira taun 1976 (isun umur 12 taun) ngelangi ring pelampung iku ambi nyokot kacang godhog. Kala semono sing ngarti para undur. Gadug pelampung mangan kacang, entek kacange ngelangi maning Sampek gadug pesisir Boom."
   Ana hang duwe pengalaman liya ring Boom tah?

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor