Bu Ipuk Netes Iluh Nonton Rindu Yang Bertepi
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 06 Januari 2025 10:19 WIB)
- Laporan
Pilem Rindu Yang Bertepi (RYB) wis nggawe Bupati Ipuk Fiestiandani netesaken iluh tepak diputer ring Gala Premiere ring biskop NSC Mandar Banyuwangi tanggal 16 Desember sore.
Tepak pileme diputer, sutradara RYB wis masang pirangane kamera, dienggo ndeleng reaksi penonton, mula asile seperene durung dietokaken.
"Sun deleng Bu Ipuk wis ngusut matane ambi tisu hang disedhiyani ambi protokole," jare Kang Idrus Efendi, produsere, hang mongkog merga Bupati Banyuwangi lungguh ndeleng kateg sampek pileme entek.
Hing mung Bu Ipuk, cumpu kameramen pileme hang duwe tato milu mesesegen, sampek dielokaken ambi protokol bupati, "Tatoan iku (tapi) nangis." Aju disauri ambi hang duwe tato, "Kadhung urusan ibu, hing ana tato-tatoan wis."
Ring pileme mula ana cerita lare hang dadi korban merga wong tuweke pegatan. Sakat cilik iyane ngempet kangen nang emake. Kasus pegatan nong Banyuwangi mula itungane dhuwur dibandhingaken kabupaten liyane.
Bu Ipuk sampek ngomong, "Cukup di film aja ya (kasus perceraian-red), yang dirugikan anak."
Yaiku salah siji edukasi hang digawa ring pelem iku, jare Kang Idrus.
Ana maning ucap teka salah siji aktore, "Bolehlah kamu kehilangan duniamu, yaiku bapak, tapi jangan sampai kehilangan surgamu, ibu."
Pilem anyar aseli 100 persen Banyuwangi diputer ring jaringan biskop NSC ring Banyuwangi, Cluring lan Genteng tanggal 16-22 Desember sore. Gala Premiere iku pileme diputer sedina sedurunge kanggo penonton umum, husus dienggo para undangan, wartawan lan budayawan.
Umume ndeleng komen-komene, kayane wong Banyuwangi hing pati dhemen ana dulure nggawe karya.
Ana hang ngomong nang Kang Idrus
"Film ini penuh dengan kekerasan, menurunkan derajat wanita." Ale hang ngomong iku durung ndeleng pileme.
"Pileme durung marek digawe wis dicacat sulung," jare Kang Idrus.
Teka judhule bain "Rindu Yang Bertepi" ana pirangane wong hang nakokaken, mesthine rindu hing ana watese.
Setemene iki yara cerita lare hang kangen nyang emake. Serta wis kecaruk emake hang manggon ring gubug nong pinggir pesisir aju digawa mulih yara rindune wis marek, iku mula ana watese, jare Kang Idrus.
Naming ndeleng komentar nong akun IG akeh wong Banyuwangi hang megawe ring negara manca kaya ring Hongkong, Malaysia, kepingin milu ndeleng, Kang Idrus ngerencanakaken arep ngambah medhiya online.
Sedurunge malah wis ana hang nawani tayang nong Malaysia taping durung diomongaken maning.
Pilem layar lebar RYB dawane 102 menit diproduksi PH Chandra Abhipraya Production lan disutradarai Tsanie Fanie lare Singojuruh hang biyasah nggarap video klip. Ring kene iyane ngerangkep nggarap lagu temane pisan.
Bintang-bintange kelebu Yon DD (pengarang gendhing Banyuwangi lan penyanyi), Dwi Ikawati, M. Al Firmansyah, Lara Anggie Rukmana, lan Fida AP.
Seperene pilem Banyuwangi hang melebu ring bioskop buru ana pilem cendhek.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.