Buku Anyar Sejarah Belambangan Teka Pak Thomas Racharto

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 17 Februari 2025 08:28 WIB)
- Laporan



Pak Thomas Racharto hang wis tau nulis buku sejarah Balambangan Kuno abad XIII-IV arep meleciraken buku terusane. Bukune hang anyar, kandele mung setengahe buku hang kawitan, naming isine bisa nggenepi paran hang ilang ring sejarah Belambangan seperene.
   Anggota DPRD Banyuwangi pindho lan sepisan ring DPRD JawaTimur lan saiki dadi Pengawas KOPAT, duwe Omahseum ring jalan Widuri hang ebek artefak-artefak tinggalane embah buyut jaman bengen.
   Ring buku anyare isine kira-kira gedigi:
1. Silsilah raja-raja Belambangan hang seperene kaya ana hang pedhot (missing link). Ring buku iki engko digenepi.
2. Iyane nyacak ngerumusaken suku Using. Iki engko ana hubungane ambi basa.
Seperene iyane nemokaken kelendi rumusan bab suku Using. Kelendi Bali, kelendi Tengger lan kelendi Using.
Jare Pak Thomas, Lapisan budaya, kadhung nurut teorine Mannheim, sak generasi bisa 15-20 taun, iyane njuwut hang 20 taun. Dadi limang generasi iku 100 taun. Reaksi dadi Using ring kono iku, ngawiti akeh hang disangga, saiki akeh hang nyoalaken, ya campur, ya ilang, sampek dadi kaya hang saiki ana.
3. Uga negesaken bab Paregreg, gok Belambangan iku hing milu-milu nong perang iki. Paregreg iku Kedaton Wetan hang diedegaken Wengker ring Pamotan (Pamwatan, ring saiki Sidoarjo) bareng ambi Wikrama Wardana. Wengker sampek umur aju digenteni ambi Wirabhumi. Iki hang tarung ambi Majapait merga ana pemicu yaiku tekane Cheng Ho hang ngakoni Kedaton Wetan. Kene hing milu-milu merga Belambangan ana ring wetane maning. Bengene Kedaton Wetan ana loro. Siji hang ana ring wilayah Kutha Raja hang ana ring Trowulan. Yaiku panggone umah dinese raja-raja Mandala Majapait. Tepak Majapait magih nyawiji, Wengker ana ring kono.
   Sakat taun 1376 Gajahmada wis hing ana, masalah Wikrama Wardana lan Wirabhumi durung nemu solusine. Bhre Wengker njagoaken Wirabhumi, anak pupune, dadi raja Majapait. Istilahe, anake raja, lanang, hang paling parek minangka turunan teka raja, masiya emake selir. Dene Hayamwuruk njagoaken Wikrama Wardana.
   Mangkane tepak 1376 ngadegaken keraton ring Pamotan, iku magih Bhre Wengker, dadi Batara ring Pamotan I, durung Wirabhumi. Marek Wengker sampek umur diterusaken Wirabhumi yaiku Batara ring Pamotan II. Dadi hang perang wong loro iku, tepak Cheng Ho teka.
4. Hang pungkasan, iyane duwe penemu bab Babad Sembar hang akeh dipercaya ambi wong saiki.
    Ambi peneliti Winarsih Arifin, Babad Sembar iki didadekaken siji ring buku Babad Blambangan ambi Babad Wilis, Babad Bayu, Babad Tawangalun lan Notodiningrat.
   Ring Babad Tawangalun, dikawiti ambi Tanpa Una anake Tawangalun. Dene Babad Sembar hing ana cara liya kelendi melebu ring silsilah Belambangan kejaba kelawan cara "menggulingkan". Menak Lumpat mara-mara duwe anak Tawang Alun.
   Iki peristiwa hang sara dinalar, hing masuk akal. Asal-usule teka Lembu Miruda taun 1478 aju diterusaken pirangane Menak sampek Menak Lumpat ngerebut Tanpa Una lan duwe anak Tawang Alun I lan Tawang Alun II.
   Tawang Alun II iki hang digawa nyang Mataram, diwani rabine Amangkurat II lan seteruse ngelairaken keturunan teka Mataram.
   Kelendi sakteruse? Bukune kira-kira pungkas ditulis ulan Maret lan bisa dipeleciraken ulan April 2025.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor