Buku Using Anyar Suwidak Siji Karyane Kang Jaenuri

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 03 Desember 2024 09:17 WIB)
- Laporan



Hadhiyah paran hang cocog kanggo mengeti dina dadine rabi hang kaping 61?
Drs. Ir. Jaenuri, MPd ngetokaken kumpulan 61 undharasa basa Using.
   Minangka kadho rabine hang wis pangsiyun dadi guru SMPN 2 Rogojampi, Drs. Yayuk Werdi Arini, MM sakat setaun kepungkur, Kang Jaenuri arep meleciraken bukune tanggal 8 Desember engko ring LKP Elit Lemahbang Dewo Rogojampi.
    Buku Suwidak Siji (61) terbitan Ide Bangsa Yogyakarta iki kumpulan gurit hang kaping pindho kanggone Kang Jaenuri. Sedurunge, wong hang dhemen mancat sepidhah iki wis ngetokaken buku undharasa hang diwani judhul Telulikur (23) merga jumlah gurite ana 23.
"Dongakena kesat terus nggawe ring taun ngarep kene kumpul gesah maning!" jare Kang Jaenuri tepak mancat nang SMPN  3 Rogojampi nguweni soben-soben nang Ketua MGMP Bahasa Using SMP Yeti Chotimah, S.Pd, M.Art ambi mesisan ngundang pengurus lan murid hang nduwe prestasi ring Festival Literasi Using Dinas Pendidikan.
   Ketua Dewan Kesenian Blambangan (DKB) Drs. Hasan Basri girang seru nyang Kang Nuri hang melaku ring dalan hang bener, ngeluri karyane nong dalan uripe hang endah nong keluarga, agama.
   Kelawan njumbule buku iku Kang Nuri milu nguri-uri tinggalane embah buyut nang anak putu lan generasi anyar ring rejane jaman.
  Nak ngundang 61 uwong? "Using, hing rame-rame, mung 30-45 uwong bain," jare Kang Nuri.
   Iyane ngarep-arep tekane guru basa Using, seniman, ketua DKB, Kepala Dinas Kebudayaan dan Pariwisata dikancani pustakawan Dinas Purpustaan dan Arsip kabupaten Banyuwangi.
  Budayawan Aekanu Haryono uga girang nang kancane iku. Nerbitaken buku kanggo amal jariyah nang generasi bangsa.
"Dhung Isun nggawe cerita legenda 7 bahasa, Prof Nuri spesial nggawe puisi bahasa dhaerah Using hang saktemene."   
   Maridigu Kang Nuri iki kudu ngopi hang lebih adoh ambi seniman lan nekani acara hang ngapresiasi seni budaya!" jare Aekanu.
  (Aguk/Ophie)

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf