Bupati Ipuk Ngelantik Pengurus DKB Anyar

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 02 Maret 2024 07:38 WIB)
- Laporan



BUPATI IPUK NGELANTIK PENGURUS DKB 2024-2029.

Dewan Kesenian Blambangan (DKB)  Kabupaten Banyuwangi sakat ngadege sampek seperene uwis kaya ula melungsungi. Masiya anane DKB kawit-kawitane kanggo nambah dhukungan ning salah sijine partai, taping saiki uwis misah adoh teka urusan politik. DKB tetep ngadeg jejeg kanggo ngajak-ajak dulur seniman supaya patheng ngelairaken karya, nguri-uri karya hang ana lan njaga kemurniane kesenian tradhisional Banyuwangi. “Serehne pungkas-pungkas jaman saiki iki hang dadi trend masalah teknologi, mula pengurus DKB ya kudu bisa nyelaru, milu nguwasai urusan teknologi komunikasi. Mulane, pengurus DKB periode 2024-2029 saiki sing diisi ambi angkatan sepuh, taping didhekengi ambi angkatan enom-noman. Saingga penemu-penemu angkatan sepuh bisa dijunjung lan diolah ambi kanca-kanca angkatan enom,” abane Ketua DKB, Kang Hasan Basri, hang buru dilantik Bupati Ipuk Fiestiandani ring Pendhapa Sabha Swagata Belambangan Kemis anyar iki .

 Bupati Ipuk Fiestiandani nalikane mari ngelantik, nyampekaken pesen kadhung DKB iku mula kudu dadi mitrane pemerintah ring bidhang kesenian. “Mulane festival-festival hang ana kaitane ambi kesenian, DKB hang kudu dadi inspirator lan kurator. DKB kudu kreatip lan aktip ajak-ajak para seniman supaya bisa nggawe hang durung digawe, becik-becik hang uwis digawe lan ngunggahaken kuwalitas karya seni kanggo ngunggahaken kuwalitase masarakat Kabupaten Banyuwangi. Banyuwangi sing kudu padha ambi wilayah tangga kaya dene Bali. Kerana Banyuwangi lebih akeh kereasi keseniane. Ngenengi masalah teknologi, DKB wis mula wayahe diisi ambi uwong-wong enom hang paham kebutuhane jaman saiki,” abane Bupati Ipuk hang uwis mula akrab ambi kanca-kanca seniman utamane pengurus DKB.

Kadhung ndeleng kumpulane tokoh hang dadi pengurus DKB kanggo taun bakti 2024-2029, nana unsur komite kebudayaan kaya kepengurusan sedurunge. Masalah budaya uwis akeh lembaga hang ngadeg ring Nusantara iki kelebu uga hang ana ring Banyuwangi. Kaya contone : Aliansi Masyarakat Adat Nusantara lan sak tunggalane. “Dadi hang diurus mung keseniane bain. Kepengurusane ya sing akeh kaya periode sedurunge,” jare Koordinator Komite Seni Pertunjukan, Ahmad Ali Murtono hang dikenal kelawan sebutan Ali Kenthus nalikane ngelawak.

Kang Hasan Basri ngewakili jejerane pengurus 2024-2029 nyampekaken ning Pemerintah Kabupaten Banyuwangi kadhung sampek seperene DKB durung duwe sekretariat hang pas. “Mulane ring kesempatan saiki, pumpung ring ngarepe Ibu Bupati, njaluk tulung Bu,  DKB dipanggokaken ning sekretariat hang pas,”  abane Kang Guru SMPN 1 Banyuwangi iku.

Iki susunan penguruse DKB 2024-2029.

SUSUNAN DAN PERSONALIA PENGURUS
DEWAN KESENIAN BLAMBANGAN MASA BAKTI TAHUN 2024-2029
 
I. PENGURUS HARIAN:
1. Ketua: Drs. Hasan Basri
2. Wakil Ketua I: Suko Prayitno, S. Pd.
3. Wakil Ketua II: Juwono, S. Pd.
4. Anggota:
a. Muhammad Iqbal Baraas, S.H. M.Si
b. Rini Dianingrum, S.Pd
c. Nur Kojin
d. John A. Rahmatullah
e. Akhmad Ali Murtono


II. KOMITE BAHASA DAN SASTRA:
1. Ketua: Muhammad Iqbal Baraas, S.H.M.Si

2. Anggota:
a. Fatah Yasin Noor
b. Muttafaqurrohmah, M.Pd
c. Nani Asiany Mustikowati, M.Pd
d. Slamet Ari Wibowo, S.Pd
e. Syafaat, S.H., M.H
f. Nur Khofifah, S.Pd
g. Nurul Ludfia Rochmah, S.Pd
h. Barur Rohim

III. KOMITE SENI TEATER:
1. Ketua: Rini Dianingrum
2. Anggota
a. Drs. Ismurdianto
b. Ingkan Priyo Manunggal, S.Pd., M.Pd
c. Pramoe Sukarno
d. Yeti Chotimah, M.Pd
e. H. Abdullah Fauzi
f. Faiz Abadi, S.Pd.,M.Si
g. R. Hartono


IV. KOMITE SENI RUPA:
1. Ketua: Nurkojin
2. Anggota
a. Selamet Sugiono
b. Slamet Hariyanto
c. Hari Purnomo, S.E. M.E
d. Ilyasin, S.Sn
e. Benediktus Hendro Widodo, M.Sn
f. Eko Totok Prasetyono
g. Leni Kariatul Masruroh, S.Sn


V. KOMITE SENI TARI:
1. Ketua: Suko Prayitno, S. Pd
2. Anggota
a. Slamet Diharjo, S.Sn
b. Jajulaidik, S.Pd
c. Anton Widiantoro, S.Pd
d. Miftahul Jannah, S.Sn
e. Dewi Atma Negara, S.Sn
f. Reni Nurfayana, S.Sn


VI. KOMITE SENI MUSIK:
1. Ketua: Juwono, S. Pd
2. Anggota:
a. Yon DD
b. Drs. Sucahyo Pinardi, M.Pd
c. Haidi Bing Slamet
d. Elvin Hendrata, S.E
e. Moh. Ikhwan
f. Adlin Mustika, S.Sn
g. Ribut Kalembuan

(kang ujik)  

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Kang Ujik

Editor: Antariksawan Jusuf