Cerita Basa Using Arep Dialih Basa Nyang Basa Inggris, Perancis

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 25 April 2024 08:40 WIB)
- Laporan



Buku cerita kanggo lalare dwi basa Using-Indonesia arep dialihbasa nyang basa Inggris lan Perancis kanggo pasar internasional.
   Jare Kepala Pusat Pengembangan dan Pelindungan Sastra Badan Bahasa Drs. Imam Budi Utomo M  Hum. buku wacanan lalare iku mula hang disasar lalare sekolah dasar tingkat awal taping ana programe pemerintah hang engko arep ngalih basa cerita-cerita iku nang basa Inggris lan Perancis dienggo pasar negara manca.
   Pak Imam ngomong ring iwuh Penyusunan Modul Bahan Ajar Revitalisasi Bahasa Daerah (RBD), Medura lan Using, dikancani Bu Dr. Umi Kulsum Kepala Balai Bahasa Jawa Timur (BBJT) hang sakat taun sore sukses nggelar RBD ring petang kabupaten Medura lan Banyuwangi. RBD taun iki ketambahan rong kabupaten yaiku Bondowoso lan Situbondo.
   Bab pilihan literasi kanggo lalare kelas rendah iku mula kebijakan kementerian, jare Pak Imam hang mampir teka Gresik kanggo ndeleng kesiyapan salah siji teka limang percetakan hang arep nyetak 21 yuta buku hang arep disebaraken ring 45.000 sekolah sak Indonesia hang dianggep nilai literasine magih kurang.
   Jare Pak Imam, bengen tau pisan nyetak cerita kanggo lalare SMA taping nyatane bukune hing pati dienggo.
   "Hang saiki arep dicetak saiki iki kanggo SD kelas ndhuwuran," jare Pak Imam.
   BBJT sakat ulan Pebruari 2024 kepungkur wis nggelar Seleksi Penulisan Cerita Anak DwiBahasa Tahun 2024. Cerita kang ditulis kudu nganggo salah sijine basa dhaerah Jawa Timur yaiku basa Jawa, basa Madura lan basa Jawa dialek Using uga ditambah alih basane nang basa Indonesia, mangkane diuweni aran Dwibahasa.
   Balai Bahasa nampa 730 naskah kang  ring antarane 598 naskah nganggo basa Jawa, 98 naskah nganggo basa Madura lan 34 naskah nganggo basa Jawa dialek Using.
   Ulan Maret 2024, BBJT wis ngumumaken ana 110 penulis kang melebu seleksi. Ring antarane penulis saka Banyuwangi yaiku Rayhan Rizki Fadhillah, Novi Susanti, Nur Holipah, Ratih Puspa, Urip Limartono Aris, Faiz Zathur Rosida, Putri Nurul Azizah, Wahyu Rizki Kurnaini, Sadam Muarif lan Andi Sep Kurniawan.
   

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf