Anggitane: Urip Limartono Aris
(Minggu, 11 Juli 2021 06:54 WIB)

(Cerita Cendek) Putu


Cemuwer tangise bayi ngagetaken turune Mujaki soren iku. Sekala iku jenggirat iyane nggoleti suwara. Taping sing ana paran-paran. Mung suwarane seng ring ndhuwur ketetesan gerigis hang katon mangkat deres. Ring kadohan kerungu suwarane Mbok Latifah hang nyelathu anake merga hing gelem adus. Mula wis kaya sega jangan, saben soren Mbok Latifah mesthi celathu, kerana anake hang wis sekolah SD iku rada tambeng larene. Kadhung wis memengan layangan, hing keneng dikongkon, hing weruh wayah. Adzan magrib ring langgar muni, Mbok Latifah kadhang magih cincing-cincing tapihe ambi nggawa tepis nggoleti anake hang memengan layangan sing mulih-mulih.

“Ana paran Kang, gok ngagetaken tangi?” takone Rohayah rada bingung ambi sing sadhar kadhung ring tangan tengene magih nyekel suthil.

“Dhik...Rika sing kerungu suwarane bayi nangis tah?” Mujaki balik takon.

“Sing ana Kang...bayine sapa hang nangis soren iki. Ring kene sing ana hang buru bain ya Kang. Sakat mau ya sintru sing ana suwara paran-paran. Paran maning tangise bayi. Ngelindur Rika paling Kang,” jare Rohayah.

“Maning...,” tambah Rohayah, “lare-lare ya wis padha ngaji ring langgare Man Usik kana ya. Sing ana kemeriyeke lare cilik ring kene. Isun iki mau ya ring pawon,” jare Rohayah hang wis 25 tahun dadi rabine Mujaki.

Suwara tagise bayi iku magih terus dadi pikirane Mujaki. Rasane kaya ring kuping suwara iku. Kaya dudu impen hang diwarah rabine. Mujaki magih mata walangen mikiraken suwara tangise bayi.

Mula pirang dina iki Mujaki terus mikiraken anake hang meteng tuwek. Miturut itungane bidhan, dina iki persis wayahe ngelairaken. Mulane Mujaki rungon-rungonen kaya ana suwara tangise bayi.

Rohayah terus menthelengi rabine hang magih meneng sing semaur paran-paran. Iyane munyik-munyik dhewek ndeleng rabine hang kaya wong bingung.

“Kang...paran hang Rika pikir. Sakat mau Hun anteni sing ana omonge yah,” Rohayah terus nyecer pitakonan.

“Using ta Yah...Isun iki mau masa ngipi. Isun yakin kerungu ana suwara tangise bayi. Anakrika Onah durung ngelairaken tah? Miturut itungane bu bidhan dina iki yara wayahe ngelairaken,” Mujaki balik nyecer pitakonan.

Mula anake hang nomer loro, hang buru kawin, saiki wis meteng tuwek. Iyane terusan, sing kathik momong awak, langsung isi. Hang lanang megawene ring Rogojampi. “Delengen tah Yah anakrika Onah, nawi ngelairaken ring kamare sing keweruhan,” perentahe Mujaki nong Rohayah.

Weruh Mujaki rada anter suwarane, sakkal Rohayah ngadeg melayu ndeleng anake hang ana ring kamare. Rohayah enget kadhung Onah dhewekan ring kamar, hang lanang magih durung teka megawe. Adate tekane wayah arep Magrib.

“Nah...Onah,” suwarane Rohayah rada nggelingsang. Tanpa uluk salam, Rohayah langsung melebu ring kamare Onah. Onah hang enak-enak tilpun-tilpunan ambi rabine, njenggirat kaget.

“Ana paran Mak!” takone Onah ambi ngelus dhadha kerana kaget.

“Sira sing paran-paran tah? Apakira rungu ana suwara bayi nangis, tanggo bayinira lair sing ana hang weruh,” jawab emake ambi lungguh ring pelanca.

“Ana-ana bain apak iku. Kadhung arep lair yara Isun kerasa Mak. Mula bidhan ngitung dina iki mesthine lairan, taping sampek saiki Isun magih durung kerasa mules. Anakisun ya magih ubah-ubah terus. Jare kadhung wis wayahe lairan, bayine wis sing ubah-ubah maning,” jarene Onah ambi nutup tilpun teka hang lanang.

Kerungu abane  Onah gedigu, Rohayah rada lega. Sedurunge, kala magih durung ketemu Onah, pikiran Rohayah ngelantur hang sing-sing. Kadadeyan hang elek terus ngetutaken pikiran. Rasa wedi ana paran-paran ring anak lan calon putu, terus sing putus-putus. “Alhamdulillah Gusti, Ndika magih njageni calon putunkula,” ucap Rohayah kelawan rasa sukur.

“Kadhung gedigu Isun nak nong apakira maning. Sekaken mata walangen terus mari kerungu suwara tangise bayi,” jare Rohayah ambi ngadeg melaku metu teka kamare anake nuju ring kamare dhewek.

Ring kamar, Mujaki magih katon gelingsang. Weruh Rohayah melebu, sing kathik nganteni Rohayah lungguh terus diberondong pitakonan. “Kelendi Yah anakrika, Onah? Kelendi putunisun, lair sehat tah? Lanang tah wadon?”

“Sulung tah Kang... Isun buru arep melebu kamar wis ditakoni. Durung lungguh,” jare Rohayah ambi nutup lawang kamare.

“Kelendi...kelendi Yah?” Mujaki terus nyerocos.

“Anakrika sing paran-paran. Larene enak-enakan tilpun-tilpunan ambi lakine. Wetenge ya magih mbedodong, durung lairan. Rika iki kari bingung ya. Kadhung wis kerasa, Onah yara ngomong nang Isun,” jawabe Rohayah nong hang lanang.

“Yeee...terus hang Sun rungokena suwarane bayi iku, bayine sapa Yah?” takone Mujaki.

“Ya embuh Kang...Rika paling ngempelu, sing kanti nganteni putu hang kawitan,” jare Rohayah ambi mesem-mesem dhewek enget kadhung rabine njenggirat tangi mauka.

Soren iku lare ngaji wis padha mulih. Ring kadohan kerungu suwarane lalare cilik mulih ngaji ambi sewo. Damar ring dalan-dalan wis padha murub. Udan hang soren mau teka, saiki wis terang. Suwarane manuk cilik-cilik padha saut-sautan, kaya-kaya rebutan arep mulih ring umahe dhewek-dhewek.

(Banyuwangi, 29 Juni 2021)

 

 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor