
Anggitane: Heri Rakhmat
(Minggu, 27 April 2025 08:07 WIB)
(Cerita Cendhek) Ombak ring Villa Jiwa Jawa
Kawitane iki diangkati anane setatus WA hang iyane tulis, gok iyane nginep ana ring Villa Jiwa Jawa, salah sijine villa hang ana ring parek Gunung Ijen Banyuwangi.
Ana rasa kepingin hang seru. Iki sing kaya rasa penarasan, tapi iki rasa hang sun anteni sakat bengen, muga bisa pareg maning ambi larene.
Ati-ati hun takoni lewat pesen WA :
“Rika ana ring Banyuwangi tah?"
“ Iya.”
Mung semono jawabe, kaya biyasahe mesthi cendhek-cendhek dhung nguweni jawaban.
“Ambi sapa?“
Isun nerusaken pitakonan masiya ati iki rada mangmang, kaya sing pantes ngurusi masalahe uwong. Arepa ambi sapa bain paran urusanisun?
Tapi embuh merga paran, isun maksa takon. Nawi isun magih ngarep-arep welase iyane.
“Ambi kanca."
Jawabane tetep cendhek. Ale atinisun wis ngabani gok mungkasi pitakonan iki. Tapi yaiku mau perasaanisun magih kepingin nyerondhol terus, kepingin marek.
“Kelendi dhung Isun merana?“
Mari takon, isun nganteni kelendi jawabane.
Sun deleng nang pesen WA, iyane nulis. Aju mandheg sedhilut. Aju nulis maning. Kayane Iyane milih ukara kang pantes dienggo nguweni jawaban.
Ahire metu tulisan hang sun arep-arep:
“ Sepurane ya, acaranisun padhet, sepurane hing bisa nemoni Rika.”
Kaya ana mendhung cemeng nutupi langit ring ndhuwuran. Nduduhaken gok magih ana jarak antarane isun ambi larene.
Setemene Isun wis nyangka dhung jawabane gedigu. Larene mesthi ngadoh dhung isun katon nduweni niyat marek nyang iyane.
Sing paran-paran. Isun nyobak ngarteni gok iyane tetep sing bisa nerima welasisun. Nawi magih durung bisa ngelalekaken rabine hang wis melaku sulung.
Isuk iku sing kaya biyasahe, iyane ngawiti omongan ring pesen WA:
“Kang, nong endi yuh, nggolet oleh-oleh has Banyuwangi hang rame?“
Isun ngerasa mendhung hang ana ring ndhuwuran mangkat cicir dadi udan. Kaya nyirami atinisun hang wis suwi garing.
“Iki pertandha!" Pikirisun.
Gancang-gancang hun uweni aran pirang-pirang panggonan hang cocok ambi pitakone larene.
“Dhik, paran acaranrika dina iki?”
Jawabe dadi rada akeh, gembel kaya gembele kembang jambu nang pelataran.
Larene cerita dhung dina iki arep nyang Alas Baluran, panggonan konservasi kewan hang ana ring wilayah perbatasan Banyuwangi lan Situbondo.
Sun uweni saran panggonan hang apik ring sak dawane dalan ngarah nyang Taman wisata Baluran. Ana GWD Grand Watu Dodol lan sak ubengane, ana BUNDER Bangsring Under Water, lan ana Pulau Tabuhan ndeleng iwak lan Taman Laut.
Tapi, apuwa dina iki isun magih bain sing wani takon, kira-kira sapa tah hang ngancani?
Saktemene ring njero ati, atinisun mberak sak antere:
“Sak temene Isun hang kudu ngancani Rika, Dhik!" Embuh Wis..!"
Sun cacak ngelalekaken larene. Isun megawe kaya biyasahe. Setengahe Isun mupus atinisun, sing kira larene gelem nerima welas iki.
Mulih teka megawe, awak kerasa kesel, gelintingan noring pelanca nang bale.
Rada soren, serngenge wis lingsir ngulonaken. Sun bukak HP. Kaget weruh ana pesen shareloc teka larene. Nduduhaken gok larena ana ring Warung Pecel Ayu, Sobo. Sun dileng jam.
“Alak wis sak jam setengah kepungkur.“
Rasa bangkel nang awak dhewek.
“Delengen tah paran hang Rika tinggal, merga turu ngorok sing kakaruwan!”
Ati kerasa nelangsa keranta-ranta. Hun cobak nawi magih ana kesempatan nasibisun, hun tulis pesen nang WA:
“Rika magih ring kana tah?“
Jawabane kaya mbethot atinisun aju diuncalaken nang bengahan mburi umah.
“Isun wis marek, saiki Isun balik ring villa.“
Wayah dalu atinisun gelibegan sing kakaruwan. Rasa welas iki kaya sing bisa ditahan maning. Buledan ambi rasa wedi lan kepingin seru. Pungkasane isun mung bisa ngeculaken kekarepan iki belingar, mencelat anter ring pikiran.
Mesthine bengi iki Isun nyang Villa Jiwa Jawa kecaruk ambi larene.
Temenan, masiya kaget, iyane mapag tekanisun kanti bungah sumringah. Katon ring sunare mata hang kaya kaca. Nganggo kelambi adhem werna kelawu lan kudhung werna biru. Isun langsung diseret lungguh ring sisihe ana ring ngarepe kamar.
Lampu templek hang kiyep, suwara jangkrik ngelithik ati muntahaken kabeh isine ati. Ngobrol ngalor ngidul kaya sing mari-mari. Kerasa angete sikap lan guyune liwat deriji hang digenggem hing keneng dieculaken.
Adhem silir angin Gunung Ijen, sing bisa ngadhemaken maning atine.
Isun kaya disihir ngerungokaken ceritane, saben ukara hang metu teka lembene hang kaya sigar kepundhung. Rasanisun ngambang noring banyu hang seger, putih bening kaya susu.
Dalu iki, gulungan ombak welas gedeburan sing leren-leren.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.