Cerita Rakyat Desa Benelan Lor, Kabat: Uling Kaot

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 01 Maret 2025 07:20 WIB)
- Laporan



Cerita Rakyat Desa Benelanlor, Kabat: Uling Kaot
 
Tepak magih cilik bengen, isun wis rungu ana kewan hang arane uling. Paran maning apakisun angger ulih uling diolah dadi pelasan. Aju tepak memengan isun rungu ana uwong hang nyeluk aran Uling Kaot. Hun tanggo aran uling kaot iku jenise uling pisan hang ana ring banyu. Pemahaman iku gadug sampek seperene, hun anggep uling kaot iku magih jenis uling. Cumpune, aran Uling Kaot mau kadhang njumbul nong angen-angen nggarai kepingin takon. Hun takon nyang apak pungkasane, nong adonisun, Mbah Sonah, Man Las perkara wujude kewan uling kaot. Gedigi ceritane:
Bengen ana uwong tuwek hang aran Kik Kaot celukane. Uwong iku mula urip saben dinane nong Desa Benelanlor. Kik Kaot iku akeh hang percaya dhung iyane iku itungane kelebu uwong hang sakti, dhuwur ilmune, nduweni kekuwatan hang sing diduweni ambi saben uwong biyasah. Sewijine dina ring wektu iku Kik Kaot tukaran ambi wong tuweke hang mula padha sektine. Aran apak ya hing tega dhung mateni anak semono uga anak nyang bapake. Pungkasan ring tukaran iku mauka bapake Kik Kaot menang taping kerana hing tega mateni anake, iyane nyabda anake hang wujud menungsa mencala dadi wujud kewan uling. Pantesane tukarane ana ring pinggir banyu, merga sakmarine disabda dadi uling, bapake Kik Kaot iku ngandoh anake mauka nong banyu hang mili ring tengah tengah Desa Benelanlor ambi Desa Gombolirang (anane banyu iku mula dadi wates desa).” Posisi ngeculaken uling kaot mauka ana ring banyu pengadusane wong lanang hang banyu iku diarani banyu Welek. Dhung pasthine ana ring elore masjid Benelanlor.
“Wujud uling kaot iku ana bidane ambi uling-uling liyane, kerana ana kuping ring kiwa tengen endhase. Lan bapake Kik Kaot nguweni weluri nyang masarakat Benelanlor hang diwekasaken nyang anak putune. Welurine mauka isine yaiku:
1.     Ring banyu iki hun andoh anakisun hang wis sun sabda dadi uling. Rika-rika kabeh bisa nyeluk anane uling iki kelawan aran Uling Kaot.
2.     Aja sampek dijuwut kadhung weruh ana uling nong banyu iki paran maning sampek nggolet. Ambi hun titip wekas nawi ana uwong njaba desa golet uling ya hun jaluk warahana.
3.     Hang ketelu yaiku rika kabeh bisa mancing, nggolet, utawa njuwut uling sakngisore DAM. Sak ndhuwure banyu DAM aja dijuwut. Merga dhung ngingsore banyu DAM iku wis hun anggep uling hang dadi anak buah utawa kanca-kancane anakisun Kik Kaot mauka.”
Cerita iku wis dadi turun temurun. Pirangange kanca sak pantaranisun magih ana hang sing ngerti anane cerita iki.  Ana uwong-uwong hang sun takoni bab cerita iku, sakkal iyane padha cerita kisah mistis hang kadhang hing melebu akal. Umpamane:
1.     Cerita iki teka Embah Rodiyah hang umure wis kira-kira melebu 70 tahunan. Ring kana embah iku nduduhi isun kadhung ana uwong hang ulih uling ring sak ndhuwure banyu DAM. Aju ulinge wis dipeceli cilik-cilik. Cumpune tepak uwonge hing sadhar mara-mara uling hang wis siyap diolah mauka ilang wujude. Hang arep ngolah mauka sakkal bingung lan ahire percaya anane cerita uling kaot.
2.     Hang kepindho, cerita iki teka Man Las hang wis umur 40 tahunan hang  tepak nyukur rambutisun. Iyane cerita dhung bab uling kaot iku wis ana sakat jamane anang lan embahe bengen. Uga ana cerita dhung ana uwong hang mari ulih uling teka banyu  sak dhuwure banyu DAM mauka. Uling hang wis diulihaken mauka endhase wis dikutung utawa wis dipateni. Naming ana anehe yaiku rada suwi sakmarine dipateni, uling mauka bisa melaku kayadene uling biyasahe hang magih urip. Serta gedigu ulinge mauka dieculaken merga wedi arep ngolah.
3.     Hang ketelu, yaiku ceritane Anang Samsul Muarif hang umahe mula parek ambi banyu Welek. Bengen magih durung ana pembangunan eris ring banyu panggonan pengadusan. Hususe banyu Welek iku bisa diarani magih alami. Mula ana erong utawa bolongan ring sak ngingsore gerojogan banyu welek. Jarene maning yaiku eronge iku dipercaya umahe uling Kaot mauka. Posisine ana ring pinggir kidul ring dhasare banyu Welek. Ana hang tau cerita, tepak adus ring kana angger sikile wong hang adus mauka kerasa diliwati ambi awake uling Kaot. Sak mareke iku serta dideleng wis hing ana wujude.
Percaya hing percaya, cerita iku wis jangget nong masarakat Benelanlor hususe hang magih urip sakat taun 80an. Kerana ring lalare kelairan 90an kayane magih akeh hang durung weruh cerita iku.
Masiya gedigu, hun tulis cerita iki makene bisa diwaca uga bisa njaga makene hing ilang anane kisah hang tau ana ring Benelanlor.
 
Penulis: Muhamad Novi Yusuf (Opi)

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor