Festival Literasi Using Kanggo Wadhah Njejegaken Basa Dhaerah

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 25 Mei 2023 09:47 WIB)
- Laporan



Literasi Using ring Banyuwangi dikarepaken bisa dadi wadhah sinau generasi anyar makene basa Using hing saya keterak minggir.
   Kepala Dinas Pendidikan Bapak Suratno S. Pd. M.M. ngomong ring antarane 718 basa ring Indonesia ana pirangane basa ring Indonesia hang emeh musna.
   "Kegiyatan iki uga nyokong kebijakan pemerintah Pusat yaiku Merdeka Belajar episode 17 hang negesi Revitalisasi Basa Daerah," jare Pak Ratno dina Kemis (25/5) ring Aula SD Model Sobo.
   Basa dhaerah rada sara merujuke merga hing ana saluran wadhahe, keseren basa Indonesia lan malah basa Inggris.
   Emane Banyuwangi wis nyulungi njejegaken basa Using liwat iwuh Banyuwangi Culture Every Week.
   Ring Pekan Literasi Using iki dianakaken telung Lomba yaiku:
1. Memengan Sandhiwara hang dipiloni 17 kecamatan
2. Ndongeng tingkat SD
3. Pidhato Basa Using tingkat SMP
   Ring iwuh iku uga ditampilaken juwara Dongeng yaiku Muhammad Choirul Anam, teka SD Sraten.
   Sakwetara, mareke bedhug uga dianakaken Pengumuman Lomba Mewarnai buku Omprok lan Sampur hang wis dianakaken ambi Sengker Kuwung Belambangan.
   Lombane digelar tanggal 4 Mei bareng ring 25 kecamatan, dipiloni 1.210 murid. Jurine yaiku Wega Averina, guru SMP Kalipuro hang uga ilustrator buku Omprok lan Sampur, Moh. Syaiful guru Seni Rupa ring SMPN 1 Banyuwangi, Taufiq Shaleh tukang nggawe samak buku SKB lan ketua Dewan jurine pelukis kawakan Banyuwangi S. Yadi K.
   Ana pisan Pengumuman Pemenang Lomba Nganggit Cerita Cendhek Basa Using 2023.
   Hang pungkasan ana peluncuran buku Kembang Ronce 2022. Kembang Ronce iki diterbitaken SKB saben taun sakat 2013 hing tau ana selane. Materi bukune dijuwutaken teka asile Lomba hang dianakaken saben taun tanpa sela.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf