Festival Sastera lan Sarasehan Budaya
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 25 September 2025 08:54 WIB)
- Laporan
Festival Sastera lan Sarasehan Budaya ngeliri Banjoewangi Tempo Doeloe
Sakuwise peroses pelatihan, penelitiyan, refleksi, pengembangan miloni era digital, uga peroses hang dilakoni ring Himpunan Sarjana Kesusastraan Indonesia (HISKI) Pusat lan Banyuwangi bab upaya alih wahana seni budaya hang dinyana bakal musna, aju nyambung karep nyang Dewan Kesenian Blambangan, diwujudaken ring panggung Festival Banjoewangi Tempo Doeloe. Acarane dianakaken ring pelataran Dinas Kebudayaan dan Pariwisata Kabupaten Banyuwangi, dina Rebo tanggal 24 September 2025.
Ana limang topik hang dikaji yaiku Rengganis lan Gembrung hang emeh musna, aju literasi Jaranan Buto hang magih akeh diuripi ring sanggar-sanggar uga legenda Sritanjung hang dadi inspirasi aran wilayah kabupaten ring bucu wetan pulo Jawa iki lan uga sejarah Tawangalun minangka prosesi teka Belambangan dadi Banyuwangi.
Ketua HISKI Banyuwangi Nurul Lutfiah Rahma, S.Pd ngucapaken terima nyang HISKI Pusat hang bisa nggawa program kementerian kanggone proses manuskrip naskah lisan kanggo dokumen lan susastera supaya bisa didhemeni nyang generasi nom-noman saingga bab hang wis emeh muspra bisa diuripi maning.
Kepala Dinas Kebudayaan dan Pariwisata Kabupaten Banyuwangi, Taufik Rahman uga nampa apik upayane HISKI lan DKB iki. Hang dadi tanggungjawab pemerintah yaiku nerusaken makene maksud lan tujuwan pemrakarsa bisa diwujudaken perlu ana forum diskusi arupa program revitalisasi lan dadi naskah akademi utawa tontonan hang miloni jaman.
Ditambahi ring Taufik gok engko ring kalangan Festival Banjoewangi Tempo Doeloe iki nampilaken Jaranan lan kemanten Mupus Braen hang nggarap gendhing Giro Using saingga cocog kanggone uwong hang duwe iwuh mantu kelawan latar buri etnis hang bhinneka.
Sakuwise pertunjukan teka limang kelompok iku hang uga diselingi penampilan tari teka SMPN 1 Tegaldlimo lan SMAN 1 Taruna Budaya Rogojampi lan Duta Bercerita Perpustakaan Nasional asal MI Islamiyah Rogojampi, Avilla Putri Yuwono hang nampilaken legenda asal usul kutha Banyuwangi teka maca buku Sritanjung Hidup Kembali karya Aekanu Haryono hang dipandhu ring Nur Khofifah.
Acarane dipungkasi sarasehan lan apresiasi teka HISKI Pusat hang diwakili ambi Prof.Dr. Novi Anoegrajekti, Dr. Tengsoe Tjahyono, Dr. Venus Khasanah lan Dr. Sudartomo.
"Kabeh wis optimal lan maksimal. Dikawiti wolung ulan kepungkur, sakat FGD bab sastera lan produk hang aju dadi anugerah. Terima nyang pemerintah dhaerah lan kabeh hang milu ngersaya saingga bisa dadi nyawiji sampek seperene. Kelendi alih wahana bisa dadi ndhemenaken lan dadi uwoh hang bisa dinikmati bareng-bareng," pungkase Prof. Novi hang wis 25 taun kerep riset bab ragam potensi has Banyuwangi.
(aguk/hnz)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.






