Firsta Yufi, teka Jebeng Banyuwangi nyang Puteri Indonesia 2025

Hani Z. Noor (dipublikasikan pada Senin, 05 Mei 2025 09:31 WIB)
- Laporan



FirstaYufi, Teka Jebeng Banyuwangi nyang Puteri Indonesia 2025, Bupati Ipuk: Inspirasi Lare Enom

Firsta Yufi Amarta Putri, perwakilan Banyuwangi bisa nggayuh gelar Puteri Indonesia 2025 ring final Puteri Indonesia hang digelar ring Jakarta International Convention Centre (JICC) dina Jemuah bengi tanggal 2 Mei 2025.

Bupati Banyuwangi, Ipuk Fiestiandani seru mongkoge nyang perestasi hang digape Jebeng Banyuwangi 2019 iku.
“Kelawan penampilane hang elegan, cerdhas lan nduweni wigati nyang isu-isu sosial krusial, Firsta mula pantes nyandhang gelar iki. Selamat lan sukses kanggo Firsta. Iki minangka dadi mongkoge wong akeh lan dadi inspirasi kanggone lalare enom ring Banyuwangi gok lare dhaerah bisa saingan lan nggayuh perestasi hang nggarai mongkog ring tingkat nasional,” gedigu ujare bu Ipuk, Sabtu 3 Mei 2025.

Sedurunge tampil ring Grand Final, Firsta kecaruk Bu Ipuk ring kantor Bupati Banyuwangi, ulan Maret kepungkur. Ring kesempatan iku jakloron gesah ngenani maneka permasalahan utamane isu sosial bab wong wadon lan program-program hang arep diusung.

Firsta hang duwe wigati nyang masalah sosial nduweni program advokasi hang diarani FIRSTepForward. Platform iki wis dikawiti sakat taun 2023 lan fokus ring pendhampingan lare remaja wadon umur 12-21 taun hang kelangan wong tuwek utawa lare hang wong tuweke pegatan.

Kelawan edukasi kesehatan mental lan pelatihan pengembangan diri, program iki dirancang kanggo merujukaken maning semangat uripe lan mbangun rasa percaya diri para remaja mauka.

Bu Ipuk uga ngewani penemu-penemu lan dhukungan nyang alumni SMAN 1 Giri iku.

“Minangka Puteri Indonesia, Fiesta kudu terus belajar, ngembangaken potensine lan nggayuh perestasi hang lebih dhuwur maning. Isun ngarepaken iyane bisa dadi Duta Banyuwangi hang ngenalaken potensi dhaerah nyang tingkat nasional uga international,” ujare Bu Ipuk nyatakaken pengarepane.

Perestasine Firsta uga dirayakaken warga Banyuwangi hang nonton bareng ring kantor Dinas Pariwisata. Gayape masarakat nduduhaken seru gedhine dhukungan nyang Firsta minangka lare hang nggawa rasa mongkoge dhaerah.

Sakmarine ulih gelar Puteri Indonesia, Firsta ngucapaken terima nyang kabeh dhukungan masarakat lan pemerintah daerah Banyuwangi.

“Isun girang, terharu lan ngucap sukur. Jangkah iki sing gampang. Dhukungan teka masarakat Banyuwangi hang dadi semangatisun paling gedhi,” jare Firsta hang paceke diceluk Fia mungkasi gesah.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Laporan: Ayunk N.

Editor: Antariksawan Jusuf