Fiskaal Dadi Biskal Aju Biskalan
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 15 Juni 2026 07:25 WIB)
- Laporan
Merga Landa merintah ring nusantara pirangane atus taun, kelebu Belambangan, aju akeh ucap-ucap hang disilih teka basa Landa. Malah sakat 1910, sasate kabeh sak nusantara diperintah Landa. Saya akeh wong-wong hang sinau basa Landa, paran maning keluwargane wong-wong nusantara hang ulih pendidikan dasar lan menengah. Seperono durung ana Indonesia.
Jare buku Loan Words in Indonesian and Malay (KITLV-Yayasan Obor 2008), tepak kawitane Perang Donya II, kira-kira ana sak juta wong nusantara hang bisa aktip basa Landa ditambah 500.000 hang bisa naming pasip.
Paran maning, ambekane wis merdheka taun 1945, basa Landa hing mara-mara mandheg hing dienggo. Utamane ring kalangan wong-wong generasi tuwek. Naming suwi-suwi basa Landa saya keseren basa liyan, kayata basa Inggris.
Hang kari umpamane salah siji aran panggonan ring Banyuwangi, sak kulone Gedung Juang 45, yaiku Biskalan. Paran iku Biskalan?
Beskal iku artine jaksa. Merga nganggo ejaan lawas dadi Biskal. Ucap teka basa Landa iki kadhung diurut memburi maning asale teka ucap fiskaal/fiscaal, odode teka basa Latin fiscus hang artine kas negara.
Tepak jaman kompeni fiskaal iku pejabat hukum hang ngurusi picise negara.
Aju kelendi fiskaal bisa dadi jaksa? Ring jaman Hindia-Landa bengen tugase fiskaal merembet nang endi-endi. Seliyane ngurusi pajek, uga bisa dadi penuntut perkara ring pengadilan. Merga tugas utamane nuntut perkara atas nama pamerintah, wong pribumi aju nganggep biskal/beskal iku jaksa/penuntut umum.
Dadi bengen Biskalan panggonane umahe para jaksa. Wong Banyuwangi njuwut gampange kanggo aran panggonan. Panggonane temenggung ya Temenggungan, panggonane patih ya Kepatihan, panggonane kaum alim ya Kauman, panggonane penganjur (penasihat) ya Penganjuran, panggonane wong nggawe perhiasan emas ya Kemasan, panggonane para empu hang nggawe gaman ya Keempuan (Kempon).
Dadi teka endi aran desanrika?
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.