Gandrung lan Keboan Tampil ring Tabanan
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 06 Agustus 2026 06:31 WIB)
- Laporan
Ikawangi Dewata milu ngeramekaken Parade Singasana Merah Putih dina Selasa (4/8) ring Tabanan hing sukur golet kesenengan naming uga minangka usaha ngenalaken lan milu nguri-uri budaya Banyuwangi ring Pulau Bali.
Ketua Ikawangi Dewata cabang Tabanan,
Mangku Jawi, ngomong gok organisasine duwe komitmen anggone kolaborasi budaya lan dadi sasak seduluran antarane dhaerah.
"Ikawangi kepingin ajeg ngenalaken budaya Banyuwangi ring Bali. Liwat kegiyatan kaya iki kene bisa pating kenal, pating ngurmati, lan bareng-bareng ngukuhaken kolaborasi budaya dadi daya kanggo persatuan bangsa," ujare.
Jare Mangku semangat Bhineka Tunggal Ika hing mung sukur diucap, naming kudu ana wadhah kolaborasi hang ngumpulaken macem-macem budaya ring siji panggung bareng-bareng.
Parade dibukak Bupati Tabanan, Dr. I Komang Gede Sanjaya, S.E., M.M. hang negesaken gok maneka werna budaya hang milu tampil iki nggambaraken Indonesia minangka bangsa gedhi hang dibangun teka pirangane suku, budaya, lan teradhisi.
Ring parade kanggo mbukak mengeti dina dadine hang kaping 81 Republik Indonesia iki, Ikawangi Dewata Bali nampilaken kesenian lan adat Banyuwangi, yaiku Tari Gandrung lan Kebo-Keboan, hang nggawe kaju ewonan penonton sedawane lurung.
Gandrung lan Kebo-Keboan ya sing mung dadi wadhah ngeraketaken seduluran, ngenalaken tinggalane embah buyut lan nguwataken kolaborasi antarane budaya ring Bali.
Pitung penari Gandrung katon rumang nganggo kelambi abang yaiku Salsa, Claura, Niar, Yura, Ovy, Zidna, lan Rossa. Ring mburine ana pitu keboan nganggo sungu lan wedhak cemeng delenges digawakaken Samuji Laros, Joko Sudiro, Yamin, Fitro, Yon Sutami, Fajar, lan Ontong.
Seliyane Gandrung lan Kebo-Keboan ana uga tampilan 70 anggota Paskibraka hang nggawa semangat Merah Putih. Aju Drumband Poltrada,
lan parade busana propesi lare TK, drumband TK, SD, SMP uga kesenian teka dhaerah liya kayata Mebarung ambi Barong Bangkung, Barongsai, wayang orang Cepot, tari teka NTT.
Serta acarane dipungkasi lan ana lagu"Dari Sabang Sampai Merauke", para penari Gandrung, Kebo-Keboan, pemain Barongsai, Barong Bangkung, sampek peserta liyane padha njuged bareng nggawe kahanan hang guyub.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : www.ikawangidewata.id
Editor: Hani Z. Noor