Gandrung Sewu Dirandhu Nggawa Unsur Anyar
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 26 Juli 2025 07:41 WIB)
- Laporan
Gandrung Sewu taun iki dirandhu nggawa unsur anyar ring pagelarane ulan Oktober engko.
Kabid Kebudayaan Disbudpar Banyuwangi, Kang Alit, ngarepaken supaya gelar pestipal Gandrung Sewu taun Iki ana unsur anyar hang disuguhaken. Embuh iku ngenani masalah komposisi, musik, gendhing lan pesen apik kanggo generasi engkone.
"Muga paran hang uwis direncanakaken ambi kanca-kanca bisa kewujud. Lan sampek dina Iki magih ana wilayah kecamatan hang durung nganakaken seleksi," abane Kang Alit nalika dijaluki keterangan ambi Belambangan.com tepak rapat panitiya.
Sekretaris Pemerintahan Desa/Kelurahan Kab.Banyuwangi, Choliqul Ridha negesaken kadhung Pemerintahan desa lan kelurahan nduweni semangat hang gedhi. Kanggo mbuktekaken kadhung lare-lare ring desa utawa kelurahan hang sing milu sanggar seni, magih duwe kesempatan milu seleksi.
Gandrung Sewu taun 2025 arep digelar dina Sabtu, 25 Oktober ring pesisir Boom Banyuwangi. Kanggo undangan hang teka njaba kutha, supaya gancang-gancang pesen kamar hotel. "Sebab kadhung kasep, hotel-hotel bintang ya wis kebek," abane Kang Ridha.
Tema Festival Gandrung Sewu taun 2025 yaiku Selendang Sang Gandrung. Nyeritakaken laku Gandrung hang sakat taun 2003 dadi ikon kepariwisataan sampek seperene.
Anane uwong hang gelem dadi Gandrung, nduweni tekad kadhung uripe mula kanggo panggung kelawan susah lan senenge. Saingga masarakat donya sampek kajon ning hang aran Gandrung. Naming magih akeh uwong hang durung ngarti kelendi setemene urip lan penguripane uwong dadi Gandrung.
Kadhung kedhungsangan, kadhang dadi camah-camahane uwong hang rumangsa paling rijig lan kadhang Gandrung iku kudu umbar unyik ring ngarepe uwong akeh. Paran maning ning wong hang maju.
Naming setemene kala sang Gandrung keloman wetenge, nangis atine, nana hang weruh. Tambah-tambah kadhung uwis tuwek, wayah mudhun genjot. Kaya-kaya nana ajine.
Alihe masarakat Banyuwangi utamane Pemerintah ya uwis akeh ulihe manpaataken anane Gandrung. Gedigu unek-uneke Miftahul hang taun Iki ketiban sampur dadi suteradara.
Iyane hang sarjana seni iku mula duwe angen-angen hang jeru, wujud gelare setengah verbal lan setengah filosofis.
"Mulane Isun lan kanca-kanca Tim kreatip njaluk tulung ning Kang Ujik supaya tetep gelem nggawe narasi lan uga kudu gelem dadi naratore," abane Koordinator Gandrung 1000 sakat kawitan sampek seperene, Suko Prayitno.
Dijelasaken, pesertane hang milu tampil sing mung lare hang ana ring Banyuwangi, tapi akeh hang teka kutha liya kaya dene teka Jakarta lan liya-liyane.
Laporane Kang Ujik
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.






