Kelawan maksud padha ndongakaken awake dhewek, keluwarga, komunitas, uga lembaga lan instansi, supaya urip bisa tentrem lan sejahtera, dadi kawulane Gusti Pengeran lan mahluk sosial, Paguyuban Kerawitan Joko Ismoyo duwe kerenteg nggelar ruwatan massal. Ruwatan iki kanggo nekakaken aura positip, nyingkiraken balak sengkala, lan nggawe ayeme urip.
   Ruwatan arep dipimpin Dalang Ki Gondo Bawono, kelairan taun 1945, asal Tapanrejo Muncar. Iyane dikancani sindhen hang uga nyiyapaken uba rampe rituwal, yaiku Hj Soeswati (72) hang uga kesuwur minangka tukang paes penganten.
   Ketua Paguyuban Joko Ismoyo, Ki Mudjiono (78), ngomong gok niyat iki wis ana sakat 4–5 taun kepungkur. Taun iki niyat mau arep diwujudaken kelawan semangat kepahlawanan Bung Tomo lan Perang Puputan Bayu.
   Iwuh ruwatan dijadwalaken dina Rebo, 18 November, wayah jam kerja, manggon ring Pelinggihan Dinas Kebudayaan lan Pariwisata. Ketepakan acarane iki digelar mapag dina dadine Banyuwangi hang kaping 255, kira-kira waktune pas sak ulan marek ruwatan.
  "Terima nyang sokongane para dulur-dulur hang padha-padha dhemen wayang lan kerawitan, uga Disbudpar hang milu tandang bareng ngelakoni niyat apik iki kelawan kolaborasi tanpa dana APBD. Kabeh murni teka sumbangan pribadi, komunitas, kantor lan perusahaan," jare Ki Mudjiono hang uga Dewan paripurna Pemuda Panca Marga (PPM-LVRI) iki.
   “Mula Isun ambi para sepuh iki nggandheng Perkumpulan Komunitas Gotong Royong 45, Sanggar Merah Putih '45, ambi EO Senyum Agmadina kanggone ngemas acara lan ngajak kabeh pihak milu nggawe laku apik kanggo Banyuwangi hang ngemu rasa harmoni lan welas asih. Sekaligus uga ndongakaken Nuswantara lan Negara Indonesia!"
   Seperene iyane magih aktip ngelatih Kerawitan lan siyaran Gending Jawa ning Radio Fajar FM. Rong dasawarsa kepungkur, iyane uga tau dadi pramusiyar ning Radio Komunitas Bung Tomo FM.
   Pembina Ruwatan Massal Nuswantara, Agus Wahyu Nuryadi (Bung Aguk Darsono), ngomong gok ruwatan iki tetep miloni pakem Jawa, naming digawe kereyasi kelawan nggawa adat teradhisi ngelukat Using.
Uga ana donga rukiyah hang dipimpin tokoh agama asal Medura. Seliyane iku ana pisan dilebokaken hipnosis Smart Parenting dienggo ngudhar alangan lan mental block peserta, supaya rejekine bisa saya gangsar, keluwargane samawa, lan padha bisa mesem bungah lair batin.
   "Tepak pembukakan engko bakal disakseni perwakilan suku lan etnis teka Forum Pembauran Kebangsaan binaane Bakesbangpol. Tepak siraman teka 7 sumber mata air, antarane teka sumur Sritanjung, Masjid Kuna lan panggonan sakral liyane, sak liyane dhalang lan sindhen, uga penting disirami emak utawa bapake dhewek ambi njaluk restune," tambahe.
   Ketua Panitia Slamet Muhlisin, dibarengi sekretaris Andre Repelita Waluyo, ngarepaken masarakat ring bumi Belambangan, uga anggota Ikawangi Nusantara, bisa mampaataken iwuh iki dienggo barengan ngerijiki awake dhewek-dhewek.
   Hang wis ndhaptar saiki ana 17 wong. Pendhaptaran magih dibukak sampek 10 Nopember jam 13.45 WIB.
   "Pengarepanisun peserta perorangan ana 33 wong, dene lembaga 5–8 pihak. Kadhung digabung bisa lebih teka 40 wong, muga-muga dongane lebih mustajab. Kene duwe isian pendhaptaran digital liwat aplikasi Gata. Pendhaptaran bakal ditutup kadhung wis nggadug maksimal 99 pendhaptar," ujare pembaca karakter nang TV Osing iki.
   Andre nambahi, panitiya uga gandheng medhiya lokal JRKBB-JRKI, Jurnal News, Sastrawacana, JNN Sumenep, Menara Madinah.com Surabaya. Nalika acara digelar uga bakal ana live YouTube BTD Channel.
   Peserta bakal ulih bonus rekening bank lan voucher umroh teka mitra panitiya. Kanggo donatur lan sponsor bakal ulih kartu nama digital liwat aplikasi Gata.
   Ring kegiyatan iki uga bakal ana bukalapak UMKM lan konsultasi psikologi karakter lan spiritual adiluhung.