Gendhing Banyuwangi ring Istana Presiden
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 18 Agustus 2025 05:12 WIB)
- Laporan
Musik Banyuwangi ring Istana Negara
Musik Banyuwangi ngungkung tanggal 17 Agustus ring Istana Negara tepak Presiden Prabowo suguh nyang para dhayoh menteri lan undangan liyane ring Hari Kemerdekaan hang kaping 80.
"Kerasa milu mongkog hususe nang Isun pribadi minangka wong hang mbimbing lalare ring kelas musik hang ana ring Damar Art," jare Ketua sanggaŕ Rumah Kreatif Damar Art, Achzana Ilhamy, nang belambangan.com. "Iwuh iki wis ngewani anak-anakisun pengalaman hang mbejaji seru."
Damar Art, hang disokong 25 kru, nggawakaken pirangane karya kayata Panorama Banyuwangi, Nusantara Wangi,
Komposisi musik Sampean lan gendhing-gendhing Banyuwangi liyane.
Damar Art hang sanggare ana ring Muncar, setemene kaitung durung patiya suwi. Buru ngadeg taun 2020 naming saiki wis nduwe 375 murid lan 20 instruktur.
Prestasi hang digayuh wis akeh, salah sijine hang pungkasan yaiku kepilih dadi penampil ring Eksotika Bromo 2025 tingkat internasional. Damar kepilih teka 198 sanggar sak Indonesia.
Hing maido aju sanggar iku ulih undangan langsung teka Sekretariat Presiden dikongkon ngisi ring istana sore iku.
Rombongan nunggang bis tanggal 14 Agustus lan rencanane dina iki arep mulih ngetan.
Jare Kepala Dinas Budaya dan Pariwisata Banyuwangi Pak Taufik Rohman tepak ngiring mangkate rombongan ngomong gok tampil ring istana dudu perkara hang gampang merga istana milih sanggar-sanggar hang paling apik sak Indonesia.
"Milune Sanggar Damart Art iki nggawe mongkoge Banyuwangi," jare Pak Taufik.
Pemkab Banyuwangi nyokong kelawan ngewani pembinaan sampek pendampingan teknis.
Tim teka Disbudpar ngewani penemu lan ngewasi latihane ring Sanggar iku sak perlu masthekaken rombongane bisa tampil kanggo nggawa arume Bumi Belambangan.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.






