Gerahana ring Ulan Mulud

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 17 September 2025 06:45 WIB)
- Laporan



Gerahana ring Ulan Mulud

Tanggal 7 September (utawa tepak ulan Mulud 1447H) kapanane ana gerahana ulan.
   Masarakat Dukuh Talunjeruk, Glagah, nggelar ritual adat teradhisi selametan kanggo nulak balak gerahana tepak ulan Mulud, jare Kang Usik, sesepuh ring dhukuh iku.
   "Lamun ana gerahana sak njerone ulan Mulud iku isarahe Nusantara akeh kerusakane, sak duluran padha tukar padu lan sak kancaan padha sulaya," jare Kang Usik. Mangkane digelar selametan.
   Seliyane uba rampe pala pendhem hang ambi Wong Dukuh Talunjeruk disebut para bungkil yaiku gembili, kenthang, sawi, sabrang, lan kacang brol, uga ana jenang abang. Dongane donga Kunut.
   Undangan selametane sing ulih diparani nyang umahe wong diejak kauman. Kudu wong melaku ring dalan diceluk diejak selametan.
   Wong-wong wadon padha uthek gedhogan lumpang hang nggawa gendhing judhule "Urag-urag asem".
    Aju nawi ana wong wadon meteng kudu adus. Nawi ana kang duwe rawatan kewan rajakaya digugahi ambi ngomong "Tangiya tangiya ana naga nguntal ulan".
   Uwite kayu paran bain dipenthungi ring bantal ambi ngomong "Aja kaget, ana ulan lan serngenge pengantenan."
   Yaiku kepercayaane wong Using hang magih diugemi ring masarakat Using ring Dukuh Talunjeruk. Kelendi ring desanrika?

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor