Gerahana ring Ulan Sapar lan Mulud

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 08 Agustus 2026 07:46 WIB)
- Laporan



Isarah paran hang digawa kadhung ana gerahana ring ulan Sapar lan Mulud? Gerahana, minangka salah siji tandha alam kang bisa dititeni, diyakini duwe pengaruh nong paran hang kedaden ring donya iki kanggone Wong Using.

   Jare sesepuhe wong Using Dukuh Talun Jeruk, Glagah, Kang Usik, hang mesthi niteni teka Primbon Tatal Blambangan utawa hang ketulis ring kayu tatal, ana tandha hang digawa gerahana ring ulan  Sapar lan Mulud. Gerahanane buru arep kedaden tanggal 12 Agustus 2026 (Sapar) lan ana ring tanggal 15 ulan Mulud.

   Kadhung miloni Thethek Thethek Titen isarahe kadhung ana gerahana ring ulan Sapar wayah bengi iku bakal akeh wong padu merga agama. Lamun waktu ring raina bakale wong cilik padha ninggalaken wong agunge. Mulane dikongkon sedhekah bumi arupa sega tumpeng ungkur lan jejangan diolah rancaban/kerawu manggone noring latar umah.

    Jare Kang Usik lamun ana gerahana ring wulan Mulud/Robiulawal waktune bengi iku isyarahe wong gedhe padha tukaran sakancaan rebut bebener.

    Lamun ring raina isarahe segara gedhe ombake. Mula nawi memenyangan nyabrang segara aja wayah subuh sampik wayah bedhug. Dene hang perlu dilakoni yaiku dikongkon sedhekah bumi arupa sega golong lan jajan pasar pitung werna.

   Kadhung ombake gedhe utawa dhuwur iku tandhane wit kelapa kahanane mucang utawa kurang gembel uwohe. Semono uga ring wit jambu keluthuk lan jambe. 

   Kapan wis gedigi, para nelayan kudu ati-ati lan waspadha ulihe golet iwak. Merga banyune gerah alias lara. 

   Merga gerah iki, nurut ilmu titen-titen, iwake padha ana rong dhasar. Lan arang hang ngelangi, bisa dipastekaken nelayan kurang pengasilane masiya rejeki iki Pengeran kabeh hang ngatur.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor