Gladag Suran Festival Nguri-uri Budaya Desa
Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Sabtu, 20 Juni 2026 05:59 WIB)
- Laporan
Tekane ulan Sura kanggone wong Banyuwangi wis mesthi dadi ulan hang utama. Sing beda ambi Wong Gladag Rogojampi. Tekane Ulan Sura ring taun iki dipengeti ambi Gladag Suran Festival. Sakliyane ana kegiyatan kirab nyambut tekane ulan Sura, ana uga kegiyatan nyekar nyang kuburane Mbah Buyut Surangganti, embah buyute wong Gladag. Saliyane iku ana uga Istigosah lan ana uga Dialog Kebudayaan hang dianakaken nong Balai Desa Gladag, 18 Juni 2026.
Akeh budayawan, seniman lan tokoh sejarah hang nekani kegiyatan Dialog Budaya iku. Hang nekani antarane bain, ketua DKB Hasan Basri, Wiwin Indiarti Ketua Aman Osing, lan Eko Ari Bawanto, hang dadi narasumber ana ring gesah budaya iku. Ana uga ring kana Sri Uniyati (Bu Unil istri alm. Sumitro Hadi), Erpandi, Edi Kanthong, Hadi Pramono, Dedy Wahyu Hernanda lan staf desa Gladag liyane.
Ring sambutane Kepala Desa Gladag Ahmad Chaidir Sidqi, S. Sos, nyatakaken kadhung kegiyatan kerentege warga dusun Krajan Desa Gladag hang kepingin desane duwe kegiyatan hang bisa monceraken desane. Sakliyane iku iyane uga nyatakaken kadhung kegiyatan hang dicepakaken mung sak ulan sakdurunge iki pancen ya akeh kurange merga dadakan iku mau. Naming iyane duwe keyakinan kadhung taun ngarep kegiyatan iki arep direncanakaken maning hang apik lan bisa didukung ambi dana hang diusahakaken nganggo seponsor utawa sing nganggo njaluk-njaluk maning nyang masarakat.
Budi Pramono hang dadi ketua Gladag Suran Festival uga ngakoni kadhung kegiyatan iki bisa dadi perujukan kawitan, merga iki magih buru belajaran kabeh.
Ring Dialog Budaya hang dikawiti mangkat jam 20.00 sampek buru mari jam 23.30 narasumber nyampekaken antarane bain babakan Sejarah asal muasale aran desa Gladag, ring kene Hasan Basri negesaken cikal bakale desa Gladag hang teka asal aran sasak (jembatan). Nurut Babad Bayu jelas ketulis aran panggonan Gladag lan uga dikuwataken ambi tulisane Margana “Perebutan Hegemoni Blambangan”.
Sakteruse Wiwin Indiarti Ketua Aman (Aliansi Masyarakat Adat Nusantara) Osing nyatakaken kadhung adat lan weluri iku kudu diyakini lan nyesep ana ring njero atine warga hang ngelakoni, dadi sing mung digawe anane kanggo event mari gediku aju ilang.
Eko Aribawanto, hang makili Dinas Pariwisata dan Kebudayaan Banyuwangi nguweni pandangan kelendi carane nggawe bungkus (kemasan) makne adat utawa kegiyatan iku bisa duwe harga jual kanggone desa lan bisa dadi aset hang ningkataken kesejahteraane masarakat desa Gladag.
Dialog kebudayaan iki uga ditambah gesahe ambi Erpandi, salah sijine tokoh desa Gladag hang kepingin nguri-uri budayane desa Gladag hang wis emeh ilang kayadene, Labuh (Selametan sawah), panganan-panganan teradhisional kaya dene ketemus, gerabatan mungsing lan bekamal. Sakliyane iku uga ana dialek using Gladag hang tetep kudu dilestrekaken nganggo kegiyatan-kegiyatan lomba Gladag Suran Festival ring taun ngarep.
Pungkase Kepala Desa Gladag wis bisa nerima ring babakan history desa Gladag hang saklawase iki durung ketemu. Sakliyane iku Kepala Desa uga ngajak bareng nyang Pemuda Desa Gladag kanggo nyukupi dokumen lan gawe narasi desa makne Desa Gladag iki bisa dadi desa wisata.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : dokumen pribadi
Editor: Antariksawan Jusuf