Tukang dongeng nasional asal Yogyakarta yaiku Bambang Bimo Suryono utawa kesuwur kelawan aran, Kak Bimo, nggelar kegiyatane Berkisah kecaruk ambi pegiyat Literasi Banyuwangi ring Gambiran dina Selasa (15/9/26).
   Bareng ambi Tim Safari Berkisah Yayasan Dana Sosial Al Falah (YDSF) Kabupaten Banyuwangi, iyane ngawiti kegiyatane ring Taman Baca Masyarakat Al Djawahir Gambiran dipapag langsung ambi pendhirine yaiku Pak Djawahir lan Bu Siti Choti'ah.
    Setemene Kak Bimo teka ring Banyuwangi hing mung ndongeng, naming ana uga Pelatihan Ndongeng tanggal 13 September 2026 ring Gedung Pramuka bareng BKPRMI, aju Safari Berkisah sampek dina Rebo tanggal 16 September 2026 ring Masjid Hijau bareng keluarga gedhe Safinfa.
   Kak Bimo dijadwalaken ndongeng ring ngarepe atusan santri ring Genteng. Iyane ndongeng  ring MI Mutiara Imam Syafi'i, MIT Insan Mandiri lan LPTQ Kembiritan ring Masjid Al Ikhlas hang ngundang wakeh TPA/TPQ.
    Kisah hang didongengaken nganggo 17 karakter suwara iku hing mung nggawe girang lalare, naming uga ngewani nilai-nilai tuladha.
Seliyane ngerungokaken kisah inspiratip, para siswa-siswi lan santri TPQ uga nduduhaken rasa pedhuline kelawan nyaluraken sumbangan kemanusiaan liwat YDSF. Semangat berbagi iki dadi bagiyan penting ring kegiatan Safari Berkisah, yaiku pendhidhikan sing mung ngenani ilmu pengetahuan, naming uga mulangaken nilai-nilai empati lan pedhuli sosial.
   Kekarepane kegiyatan iki bisa terus dianakaken ring sekolah liyane, bisa dadi ajang inspiratip hang merujukaken rasa dhemen nyang kisah-kisah Islami jaman Rasulullah uga tokoh perjuwangan kaya Pangeran Diponegoro, Cut Nyak Dien, Jendral Sudirman, para Proklamator, lan tokoh lokal.
  Kak Bimo sakat cilik wis milu aktip ring Masjid Jogokaryan Yogyakarta lan wis ngelakoni penggaweyan dadi tukang ndongeng sakat magih lancing.
   Iyane kacathet nduwe rong rekor hang kecathet ring Museum Rekor Indonesia (MURI), yaiku kategori ilustrasi suwara paling akeh lan mendongeng nang ngarepe lare paling akeh hang bisa tertib ngerungokaken.
   “Kahanan Banyuwangi lan Yogya iki emeh padha, ayem kelawan suasana teradhisional lan lansia, uga ngajeni para pelaku seni budaya!” jare Kak Bimo.

(Aguk Wahyu Nuryadi)