“Helping a child to know himself and the world”
"Nulung lare ngenali awake dhewek lan donyane."
Ukara hang endah iki dadi rohe sekabehane kurikulum. Kanggone isun lan rika hang dadi guru dudu ngebeki endhase lare kelawan apalan, naming nulung lare ngenali sapa awake dhewek ring jerone donyane.
Lan donyane lare iku sing ana ring jerone buku paket.
Donyane lare iku ana ring warunge emake, ana ring sawah kakike, ana ring sanggar bathik tanggane. Dene lare Banyuwangi belajar mbathik, iyane sing mung belajar nggambar motip Gajah Uling. Iyane belajar sabar, belajar ngitung bengi bathik, belajar wewarah uripe wong Banyuwangi. Iyane ngenali awake dhewek minangka lare Banyuwangi ring jerone donya Banyuwangi. Iku arane belajar hang urip, nyata, sing ngawang lan sing goroh.
Buku bisa salah cetak, video bisa diedhit lan di-setting, naming lingkungan sing tau goroh. Dene lare ngelakokaken kantin kejujuran ring sekolahane, iyane belajar itungan lan kejujuran hang jujur temenan. Dene iyane ngerumati kebon sekolahane lan misah-misah antarane godhong lan uwite, iyane belajar ngerti alam, ekologi, lan tanggung jawab hang wutuh. Dene iyane ngelakokaken piket kelas, iyane belajar rewang-rewang lan dadi pemimpin hang nyata.
Delengen conto hang paling gampang: dene guru Seni Budaya ngajak siswane nggambar kembang ring kebon latar sekolahane. Lare iku dudu mung ulih gambare kembang hang endah. Saknyatane, ring wayah iku iyane uga nandur welas nyang lingkungan urip ring sekolahane. Iyane belajar welas ring sak padha-padha mahluke Pengeran, masiya mung suwiji tanduran. Lare hang maune methiki kembang sekarepe dhewek, sakuwise nggambar malah dadi hang njaga.
Telung wewarah gedhi
a. John Dewey - Learning by Doing.
Belajar kudu liwat lakon langsung. Lare sing mung nampa wewarah teori ring jerone kelas, naming ngerasakaken dhewek paran tegese belajar liwat sesambungan langsung ambi barang-barang ring sak kiwa tengene.
b. Lev Vygotsky & Urie Bronfenbrenner - Lingkungan Dadi Oyode.
Vygotsky negesaken, lare iku belajar/sinau ring njero alam nyata urip bebarengan dadi guru hang gedhe pengaruhe. Gagasan iki disempurnaaken Bronfenbrenner liwat Ecological Systems Theory, hang nggambaraken perujuke urip lare ring sistem lingkungan hang lapis-lapis — teka keluwarga, sekolahan, kanca sak umuran, sampek budaya. Teori iki manggokaken lingkungan ana ring tunggake oyod kanggone lare.
c. Ki Hajar Dewantara - Telu Pusat Pawulangan.
Suwi sedurunge teori ekologi anyar, Ki Hajar wis negesaken pawulangan iku ana ring telu panggonan: keluwarga, sekolahan, lan masarakat. Lingkungan iku dhewek dadi panggon sinau hang sejati.
Merga iku, sing heran paran hang nggawe lingkungan dadi sumber pawulangan bisa nambah semangate lan hasile sinau, nggawe lare peka ring masalah bebrayan, terampil ngatasi masalah, ngembangaken pengetahuan, keterampilan, lan sikap utawa karakter hang jangkep.
Dadi, dene Kurikulum Merdeka njaluk isun rika nggawe Projek Penguatan Profil Pelajar Pancasila (P5) hang lakone kelawan projek kokurikuler, setemene iyane sing ngongkon awak dhewek nggawe kurikulum anyar. Iyane mung ngongkon awak dhewek balik mandeng kebon sekolahane dhewek, mandeng warung ring sandhinge sekolahane dhewek, lan urip sesandhingan ring sak kiwa tengen sekolahane dhewek.
Kurikulum Merdeka iku wani ngakoni paran lingkungan belajar iku dhewek dadi kurikulum babone hang paling jujur, paling urip, lan sing tau goroh.