Barong Banyuwangi (Bagiyan 1)

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 02 September 2026 06:45 WIB)
- Opini



Tulisane: Totok Hariyanto

Kesenian Barong kang urip ring masarakat Using, mula kesenian kang nduweni tetenger has budaya Using. Sakat teka gambaran keber, lakon-lakon kang dimainaken, tabuhane, jugedan lan isi ajaran moral ring cerita kang dimainaken kabeh nduweni ciri utawa tenger budaya Using.
   Ring dhaerah liya, embuh ring pulo Jawa
utawa ring njaba pulo Jawa kaya Bali lan sepiturute, utawa ring manca negara kaya ring Cina, Korea, Jepang Ian negara-negara lndocina liyane uga ana kesenian barong kang nduweni rupa lan renggan estetika kang bida. Kanggo masarakat Using kesenian barong dudu mung kesenian kang dadi jalaran senimane bisa nyilem nyurasa rasa seni, naming kesenian Barong uga dadi tenger utawa simbol masarakat Using hususe dulur-dulur Kemiren kang dianggep magih nguri-uri akeh maceme tetenger­ asli budaya Using.
   Secara akademis, kesenian Barong kelebu cerita rakyat (folklore) yaiku salah sijine bagiyan budaya kang magih diuri-uri teka mbah buyut kang wujude akeh lan macem-macem. Kerana Barong iku kelebu folklore, mula kesenian Barong diakoni dadi simbol tenger rnasarakat etnik Using. Mergane kesenian Barong kadhung ditamataken temenanan nduweni tenger-tenger budaya has Using kang asale teka persepsi imajinatif lan gambaran kahanan sedina-dina, kang seteruse diakoni lan diagul-agulaken dadi tenger budaya.
   Kesenian Barong nyandhang macem­-macem seni. Ana sasterane kang wujud basanan, wangsalan Ian unen-unen has Using liyane, uga ana prosane. Ana seni suwara kang wujud tembang, uga kaendahan-kaendahan kang ana sambungane ambi teater.
   Nyinau kesenian Barong cara ilmiyah keneng dideleng kelawan telung tasmak. Kawitan, adhedhasar keasliane (originalitas). Kepindho, adhedhasar ubeg dramane (teaterikal). Ketelu, adhedhasar pungsine dadi tetenger sosial masarakat Using.
  Kadhung teka dhasar keasliane, kesenian Barong kang ana wis kari rnung sithik. Sesambungan ambi bab ini akeh anggepan kang kurang bener nguweni pengerten paran iku kesenian Barong. Kesenian Barong yaiku seni teater rakyat kang njerone ana seni juged (tari), seni tabuh (rnusik), tembang, cerita kang wis pakem teka embah buyut. Mula kesenian barong kaya barong perejeng, barong utawa barongan ring seni jathilan, jaranan Ian barong­-barong liyane kaya kang ana ring Desa Wiyayu sing kelebu nong pengerten kesenian Barong. Kerana kesenian-kesenian barong mau mung ana rupa juged Ian tabuh tanpa ana ubeg rupa deramane.


(Ana terusane)

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor