Garapane Totok Hariyanto
Kesenian Barong saiki iki wis kari mung sepuluh grup. Yaiku Barong Kemiren, Barong Dhusun Banjar, Barong Dhusun Gumuk Batur, Barong Dhusun Kampung Anyar, Barong Dhusun Mandalika, Barong Jambesari, Barong Dhusun Kluncing Pakel, Barong Dhusun Sumber Watu Tamancari, Barong Dhusun Mangli Jambesari lan Barong Dhusun Beran Pakis. Sepuluh grup mau kang magih ngethem pakem cerita kelebu tema lan iline cerita kari mong petang grup yaiku: Barong Kemiren, Mandalika, Mangli lan Jambesari. Liyane wis dimodifikasi ambi kesenian liyane kayata damarulan. Kadhung disungsung nyang kawit-kawitane, masarakat Kemiren duwe hak lan tanggung jawab nguri-uri kesenian iki. Polahe kesenian Barong iki bongkote ring Kemiren, kang nyipta leluhure dulur Kemiren yaiku Eyang Buyut Cili ambi Eyang Buyut Tompok kang sampek saiki wewarah lan pituduhe dadi sendhenane dulur Kemiren. Mula kadhung teka tasmak tenger budaya, barong Kemiren keneng diarani kang makili kesenian Barong kang ana ring masarakat Using."
"Lakon (tokoh) Kesenian Barong"
1. Barong iku singa gedhe kang duwe jamang lan seriwi. Lakon iki dimainaken wong loro, yaiku kang siji mainaken endhase, sijine maning mainaken buntute. Saiki lakon iki wis akeh kang nguwah cukup dimainaken wong siji, saingga tambah kesit lan nyeremaken.
2. Jakripah yaiku wong wadon kang ayu seru nggawe wong lanang kedanan mendem asmara.
3. Wong telu sak duluran iku kawitane arane beledhes, beledhung lan beledhus. Kang nyeleneh nong wong telu iki penganggone dudu busana has Using, naming nganggo penganggo kaya badut ring sirkus.
4. Tiang Iris (lare lancing)
"Lakon tiang iris iki nganggo penganggo has lancing Using (thulik).
Ana terusane