Ngewani Arti Anyar Nang Ancak

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 01 September 2026 07:21 WIB)
- Laporan



Ancak arupa papah gedhang hang ditekuk, dikunduki jajang aju dienggo tatakan panganan wis anjrah nong Banyuwangi. Ibarate ring adat kene, ancak hing keneng dipisahaken teka uripe wong Using saben ana gelaran selametan.
   Masiya saiki ya rada keseren ambi barang teka pelastik, naming magih akeh hang nganggo cara teradhisional ambi papah gedhang lan jajang.
   Ana sesepuh Using teka desa (Re)Jopuro, Tamansuruh, Man Inok hang ngewani arti anyar ring ancak iki kelawan nggawe Ancak Kemerdhekaan.
   Praktisi Macaan lontar Using hang kawentar kelawan aran Raja Basanan merga kepinterane nyusun ucap-ucap basanan ring saben omongane, Man Inok, wis sakat bengen nggawe ancak gedigi kanggo selametan ring kampunge Jopuro.
   "Dicocog-cocogaken, dipantes-pantes bain," abane Man Inok. Maksude kelendi? Rika weruh yara, ancak anjrahe digawe teka papahe gedhang. Papah ditekuk sulung sak sire hang nggawe ana hang umum modhel persagi, utawa ana hang nggawe segi enem, kadhangane malah ana hang segitelu, buru tengah-tengahe diweni ruji nganggo jajang utawa bongkok hang disigar cilik-cilik.
   Ancak Kemerdhekaan hing gedigu urutan nggawene. Hang digawe rujine sulung, dienam, buru aju dipinggiri papah. Man Inok nggawe rong ukuran ancak.
   Hang cilik, dawane 25 senti, akehe 17 ruji hang dienam malang elet telu-telu ana petang baris, jumlahe 12, aju digawe enaman mujure ana limang ruji. Tepak dicublesaken ring papahe gedhang ana 8 ruji ring sak ubengane papah persagi mau. Saben bucu ancak (4) lan ring tengah antarane saben bucu ana 4, dadi jumlahe ana 8 semat. Dene hang gedhi ana 19 ruji hang dawane 45 senti.
    "17 Agustus 1945, wajib disukuri. Kadhung durung merdheka hing kira bisa urip gedigi. Ancakan dalam rangka tasakuran," jare Man Inok.
   Angka 17 iki uga angka hang nduweni arti husus kanggone wong Banyuwangi. Kaya hang diceritakaken ring lirik lagu Kembang Kirim hang unine "17 pahlawan adus getih didrel serdadu Landa..." Ring ulan Romadon, tanggal 17, mesthi dipengeti minangka dina Mudhune Alquran lan kanggone wong Islam 17 rokaat sedina sewengi aja ditinggal.
   Itung-itungan ancak gedigi iki wis tau diceritakaken nang Bupati Ipuk, jare Man Inok.
   Ancak Kemerdhekaan wis digawe Man Inok sakat bengen kanggo selametan kampung ring Jopuro. Aju dikenalaken Man Inok ring panggon kelenceran hang ana ring desa Panggang Licin yaiku Banyu Kuwung, hang nggelar Festival Ancak tepak mengeti dina dadine.
    Sampek iyane pungkasane ditekani dosen teka UIN Jember, teka Universitas Jember lan teka Malang takon masalah ancak iki.
    "Isun nggawe dhewek ancak iki lan kanggo randha-randha hang hing duwe anak, njaluk tulung ya Sun gawekaken," jare Man Inok.  "Hang duwe anak lancing magih jaya ya Sun kongkon nggawe dhewek."
    

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor