Lomba Bercerita Topik Kepahlawanan Nasional utawa Perjuwangan hang dianakaken Persatuan Artis Film Indonesia (PARFI) Kabupaten Banyuwangi, njumbulaken Avilla lan Reyhan minangka juwarane.
Lomba hang mung kanggo pelajar iki nduweni loro kategori yaiku tingkat SD/MI lan SMP/MA/SMA/SMK.
Kanggo kategori SMP/MA/SMA/SMK dimenangaken Reyhan Iftitah Surya, teka SMA Muhammadiyah 2 Genteng. Iyane ngangkat cerita pejuwang Pasukan Macan Putih tepak Agresi Militer 2 ring wilayah Jalen Genteng, yaiku Letkol Baderun lan Kapten Samiran.
Dene Avilla Putri Yuwono teka MI Islamiyah Rogojampi dadi juwara kategori SD/MI, uga ulih penghargaan naskah paling apik. Iyane ngangkat cerita Pseudo Wilis teka buku Sejarah Seni Budaya Banyuwangi karya Yeti Chotimah, kelawan judul Sayu Wiwit Srikandi Blambangan. Karo-karone wis nduweni pengalaman ndongeng lan maca gurit/puisi sampek tingkat Provinsi Jawa Timur.
Panitiya uga ngewani apresiasi nyang juwara harapan 3, yaiku Dzakiyah teka MI Darunnajah 2 Banyuwangi hang ngangkat tokoh Bung Hatta, lan Kirana teka SMPN 1 Rogojampi hang nyuplik cerita Prabu Tawang Alun teka buku Lontar Babad Tawang Alun lan buku Sejarah Seni lan Budaya Banyuwangi karya Yeti Chotimah, hang uga dadi Ketua MGMP Basa Using SMP lan Guru Pendamping Khusus Disabilitas.
Acarane hang disokong Bidang Festival Seni Budaya Jatim hang diketuai Laros Soekanti Swastika Wati, digelar ring Terminal Wisata Terpadu Sobo, Jumat 28 Agustus 2026.
“Terima nang pelatih hang telaten lan ibu-ibu Dharma Wanita Persatuan Bappenda PPD UPT Banyuwangi hang kompak, sampek anakisun duwe rasa percaya nang awake dhewek lan ulih piyala kawitan ring ajang nonakademik bidang seni. Muga-muga ring acara sakteruse bisa melebu 3 besar!” jare ibuke Kirana yaiku Eka Pujiastuti.
Penasihat Panitiya, Bahtiar Dahlan, ngomong nyang medhiya gok ajang lomba iki ngewani panggon kanggo kereasi, uga ngelurusaken sejarah kanggo bahan sekenario pilem cendhek lan ngewani kesempatan nang peserta dadi talen, aktor lan artis.
"Terima nang Kadisbudpar, Bakesbangpol, camat, kolase, Komunitas Kebaya lan Senam, uga mitra sponsor hang wis milu partisipasi nang lomba Bercerita, nonton bareng film edukasi Ada Hantu Di Paglak Waroeng Kemarang, lan Motivasi Disabilitas nang SLB PGRI Tegaldlimo!” jare aktivis Pemuda Panca Marga iki.
(Aguk Wahyu Nuryadi)
Juwara ring Lomba Bercerita Kepahlawanan
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Editor: Hani Z. Noor