Sore bengi Senin 14 Sep sekira mari magerib ana kedadeyan alam hang arane ring donya ilmu astronomi yaiku Konjungsi. Ulan njelarit lan ring pareke ana lintang hang terang seru. Paran iku? Konjungsi iku kedadeyan alam tepak ana loro benda ring langit hang jumbul bareng lan katone parek-parekan.
Ring sak bagiyan Indonesia, posisine ulan njelarit (bulan sabit) lan lintang terang hang setemene pelanet Venus noring ndhuwure. (Kadhang lintang terang iku ya pelanet Jupiter). Kira-kira kaya simbul hang seperene digawe umat Islam ring masjid-masjid lan langgar. Nong ndhuwure kubah biyasahe ana simbul iki.
Konjungsi iki dudu kedadeyan hang nganeh-nganehi merga saben ulan emeh ana naming hang posisine kaya nubengi rada jarang. Lan panggon hang katone parek-parekan iku setemene jutaan kilometer.
Ulan lan lintang hang digawe simbol-simbol ring mesjid lan langgar setemene simbol hang dienggo ambi pasukan Turki Ottoman hang tau nguwasani sebagiyan donya. Hang kesuwur seru tepak pasukan Mehmed II bisa ngerebut ibukota kerajaan Bizantium kutha Konstatinopel taun 1453. Konstatinopel dhewek aju disiluri arane dadi Istanbul hang dijuwut teka basa Yunani eis tin polin hang artine "menyang kutha."
Setemene simbul Ulan Lintang iki wis ana sedurunge laire Nabi Muhammad. Naming merga dienggo ring bangunan-bangunan, militer, bendera ambi Kerajaan Ottoman hang jaya pirangane abad dadi negara Islam, aju simbul Ulan lan Lintang kaya dadi simbul Islam.
Ulan Lintang dadi kesuwur ring negara-negara hang pendhudhuke akeh Islame lan malah dadi simbul ring benderane kaya ring negara Turki, Pakistan, Aljazair, Tunisia.
Kanggone wong Using, kedadeyan gedigu dianggep istimewa. "Kadhung Isun magih cilik bengen ana tandha alam ulan lan lintang gedigu iku, Isun diraupi banyu ambi bapak. Banyu kendhi. Jare bapak makene Isun mbisuke munggah derajate lan makene bisa sinaungan/pergaulan ambi wong-wong gedhe para pejabat," jare sesepuh Using Dukuh Talunjeruk, Glagah, Kang Usik.
Ulan Njelarit lan Lintang ring Langit
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Editor: Antariksawan Jusuf