Guru-Guru Milu Nguri-uri Basa Using, Teka Maca Lontar sampek Basanan

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 30 Oktober 2025 06:59 WIB)
- Laporan



Guru SD-SMP Nguri-uri Basa Using, Teka Macaan Lontar Sampek Basanan

Ditulis ring: Ima Miratunnisa
SDN 1 Watukebo, Blimbingsari
 
Atusan guru SD lan SMP sak Kabupaten Banyuwangi, utamane Kelompok Guru Basa Using milu Bimbingan Teknis (bimtek) Basa Using 20- 21 Oktober 2025 hang dianakaken Dinas Pendidikan.
   Bimtek iki tujuwane kanggo ngelestarekaken basa Using, dadi basa Belambangan iki tetep ajeg lan urip terus nang alam panguripan lan pangajaran.   
   Acara dibuka ambi Kasi SD Dinas Pendidikan Banyuwangi, Bapak Erpandi, M.Pd. Dina kepisan, bimtek dikawiti ring Aula SMP Negeri 2 Banyuwangi. Kabeh peserta katon sumringah lan semangat. Acara kawitan diisi ambi materi sastera kuna: Macaan Lontar Yusup. Materi babagan carane maca lan maknane Lontar Yusup iki diwulangaken ambi Bu Wiwin Indiarti. Lontar Yusup, hang isine cerita lan aji-aji urip, dadi gapura kanggone guru-guru makene ngerti njerone sastera Using.
   Diterusaken ambi materi Pidhato hang diisi ambi uwong hang wis mumpuni, yaiku Ibu Nani Asiany. Para guru diwulang carane ngomong nang ngarep uwong akeh nganggo basa Using hang bener lan apik nganggo aturan besiki.
   Aju ana materi cerita cendhek utawa cercen diisi ambi Neng Holip. Iyane nguweni semangat nyang guru-guru makene gelem nulis cerita cendhek nganggo basa Using, makene ana sumber wacanan anyar kanggo murid-murid, lebih apik maning kadhung guru-guru bisa ngajari muride nggawe cerita cendhek teka cerita urip utawa kedadeyan nyata saben dinane.
   Dina kepindho, panggonan bimteke nong Sekolah Adat Osing Pesinauan ring Desa Olehsari, Kec. Glagah, Banyuwangi.   
   Sekolah iki dipimpin ambi Cak Samsul minangka Kepala Sekolah, hang wis diweruhi dadi salah sijine wong hang nguri-uri lan ngangkat derajate budaya Using sampek seperene.
   Nang kene, guru-guru dibagi petang kelompok aju diwajibaken sinau Lontar Yusup teka pupuh-pupuh kang beda: Pangkur, Kasmaran, Sinom, lan Durma.  
   Mari sinau, saben kelompok maju nang ngarep panggung kanggo nembangaken lontar miturut pupuhe dhewek-dhewek.
   Mari iku ana materi carane nggawe artikel hang apik, diisi ambi Ibu Nani Asiany. Bu Nani pesen literasi iku kudu ditulis lan diwaca maning makene dadi ilmu lan sing ilang.
   Aju, materi hang sing kalah penting yaiku nyusun Capaian Pembelajaran (CP) basa Using disampekaken Bu Heni Kurniawati. Pesene Bupati Banyuwangi Ibu Ipuk Fiestiandani, pelajaran basa Using bakal dikawiti teka kelas 1 SD, taping CP-ne magih peroses digawe ambi maestro-maestro basa Using.
   Mbok Heni uga nerangaken materi aksara basa Using hang dadi dhasar kanggo guru-guru, makene bisa nulis aksara basa Using hang bener.
   Materi hang pungkasan yaiku sastera Using, hang isine puisi, prosa, lan drama. Pak Prastono Santoso hang nerangaken materine. Nang sesi iki, kabeh guru dijaluk nggawe conto basanan dhewek-dhewek.   
   Pak Prast nguweni pesen: "Basanan iku kudu diuripaken maning! Basanan iku jantunge basa Using. Kadhung awak dhewek bisa nyenengaken nang basa Using, kita uga bakal disenengaken ambi basa Using."
   Pesen hang paling mantep teka Pak Erpandi, Kasi SD Dinas Pendidikan, tepak nutup acara bimtek iki, “Kadhung dudu awak dhewek, sapa maning hang bakal ngelestarekaken basa Using? Awak dhewek iki guru, hang bisa nyebaraken lan ngelestarekaken basa Using nong kanca-kanca guru lan utamane nyang murid-murid kita kabeh.”
   Bimtek iki dadi semangat anyar kanggo guru-guru SD lan SMP makene terus njaga lan ngembangaken basa Using ring sekolah-sekolah.
 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor