Guyonane Kenthus-Penyet ring Njaba Genjot
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 10 Januari 2025 09:18 WIB)
- Laporan
Tukang ngewer Ali Kenthus teka grup Pelangi kadhangane tepak wis mudhun genjot kerep "gesah sufi" ambi kancane Slamet Penyet. Mula kadhung diemataken guyone iki hing bisa dinalar wungkulan utawa mentakan. Kadhung dinalar mentakan ya seliring temenan, jare Kenthus.
Hing kaya materi kadhung iyane tepak ngadhepi penonton hang biyasahe materine "cethek" makene kabeh penonton bisa milu gemuyu, gesah sufine perlu mikir kadhung arep ngerteni lan kadhang nggarahi Penyet gelagepan hing bisa njawab.
Umpamane, tau Kenthus takon nyang Penyet.
"Pena mikir donya iki titipan tah using?"
"Ya titipan."
"Tapi pena amal-amalaken. Kadhung mbesuk dijuwut kelendi? Pena dititipi sepidhah dadi tukang parkir. Sepidhah Pena uwak-wakaken wong. Aju wayahe dijuwut Pena siluri sepidhah?"
"Eh iya."
"Mulane tah hang melid. Jare donya titipan, kadhung engko ditagih Pengeran, kelendi Pena? Empun Kula sukakaken tiyang. Gedigu jawabe?"
Penyet mung bisa munyik-munyik ngerungokaken nalare kancane.
Ana maning bab ndongakaken wong hang uwis sampek umur.
"Muga-muga dijembaraken kubure, dipadhangi dalane. Mesthine cilik kubure hang peteng dalane."
"Lah...apuwa"
"Ya kadhung Pena akeh dosane dipenthungi malaikat, kadhung panggonane jembar lan padhang wenak Malaikat arep menthung. Kadhung kuburane ciyut malaikat hing bisa menthung."
"Mangkane dongane waliken, petenga dalane, ciyutena kubure," jare Kenthus.
Mangkane ring antarane pendakwah Islam Kenthus dhemen ngerungokaken Gus Baha hang kerep ngetokaken guyonan-guyonan hang ngewalik nalar.
Contone "Ana hang ngomong rokok iku haram. Bener, mangkane diobong," jare Kenthus nirokaken Gus Baha. "Arepa ngobong pabrike ya diukum, dadi hang bener ya diobong siji-siji."
Kenthus ya sadhar nang pegaweyane minangka tukang ewer. Kadhang arep ngewarahi wong liya, hang arep diwarahi lebih penter teka awake dhewek.
"Emane posisinisun tukang ewer. Tepak ngomong bener, wong-wong iku mikir. Tepak ngomong salah, wong-wong iku hing patiya mikir.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.