Hing Ana Sandal Plastik ring Basa Using
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 14 Februari 2025 06:22 WIB)
- Laporan

Tepak marek penjurian Aksara Using ring Lomba Kreativitas Siswa ning SD Kepatihan, ana wong tuwek hang takon, apuwa tulisan anake "plastik" lan "sandal" kelebu ucap hang disalahaken?
Dadi dina Sabtu (8/2) iku PKG kecamatan kota Banyuwangi hang dipimpin Pak Andi Eko Pramono nganakaken 15 lomba kanggo 580 lare teka 40 SD hang ana ring kutha.
Salah siji lombane yaiku Aksara Using. Masiya bengene naskah-naskah lawas hang ditemokaken ring Banyuwangi iku ditulis nganggo aksara carakan lan Arab pegon, taping hang dienggo nulis basa Using saiki aksara latin. Dadi para sesepuh wis nggawekaken aturan nulise. Kelebu tulisan "plastik" lan "sandal" mauka.
Aturane hang metu dienggo ring cerita iku yaiku umpamane:
1. Hing ana gugus konsonan (konsonan urut, konsonan dobel).
Conto:
dudu srengenge tapi serngenge
dudu swara tapi suwara
dudu plastik tapi pelastik
dudu blambangan tapi belambangan
2. Ring basa Using, ana aksara /d/ carane niteni pucuke ilat noring antarane untu lan /dh/ pucuke ilat noring lak-lakan.
Conto:
dudu udhan tapi udan
dudu kelendhi tapi kelendi
Semono uga:
dudu sandal tapi sandhal
dudu endog tapi endhog
dudu kadang tapi kadhang
3. Cara hang padha kanggo aksara /t/ lan /th/
Conto:
dudu ketip-ketip tapi kethip-kethip
dudu thukang tapi tukang
4. Kadhung ana gugus vokal (aksara urip urut/dobel) ditambahi konsonan.
Conto:
dudu masia tapi masiya
dudu siap tapi siyap
5. Aksara /a/ dudu /o/
Conto:
dudu sego tapi sega
dudu teko tapi teka
6. Amening /i/ lan /e/
Conto:
dudu mageh tapi magih
dudu heng tapi hing
Apuwa Aksara Using iki perlu dilebokaken lomba LKS iki? Merga Aksara iki melebu ring Festival Tunas Bahasa Ibu arupa nulis cerita cendhek hang digelar ring tingkat kabupaten sampek nasional.
Sakuwise penjurian, 31 lalare hang milu Lomba iku diterangaken nong endi lupute dadi iyane kabeh bisa ngarti salahe lan seteruse bisa mbecikaken kanggo mengarepe.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.