Ikawangi Bandung Milih Ketua Umum Anyar

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 28 Oktober 2025 08:38 WIB)
- Laporan



Ikawangi Bandung Milih Ketua Umum Anyar

Diaspora Banyuwangi ring kumpulan Ikawangi Bandung milih ketua umum anyar dina Minggu 26 Oktober sore.
   Manggon ring Hotel Gerlongasri Jln. Geger Kalong Hilir duwene wong Lemabang H. Djuri, kira-kira ana wong 70 hang teka, milih Kang Sudarman ngalahaken Kang Andhy Widodo.
  Ketua Tim Pemilihan Kang Suherman setemene nerima telung aran hang ndhaptar. Calon siji maning yaiku Kang Totok Suryono arane dibusek teka dhaptar calon merga uwonge hing njumbul tepak dina coblosan.
   Ring iwuh coblosan hang ditekani Pembina Ikawangi Bandung Kang Arif Yahya iku, Kang Sudarman madeg dadi ketum ring periode 2026-2028. Iyane ngganteni ketua umum hang sulung Kang Edi Suwondo.
   Ring penjelasane, Kang Sudarman nduweni motto Perubahan-Peduli-Berbagi.
   Perubahan tegese iku peroses temuju nyang becik, sempurna lan manpaat.
   Perduli/empati nyang anggota lan wong diaspora sak padha-padha.
   Berbagi tegese ihlas kanggo ngewani otot, okol lan donya berana ring dalane Pengeran, Alloh swt.
   Kang Sudarman kelairan Gendoh 5 Maret 1965 wis pindhah ring Bandung sakat SMA merga hing gelem dikongkon dadi guru melebu SPG.
   Wong hang dhemen munggah gunung, mancat sepidhah lan sekak iki uga pengurus masjid, Pembina ring Yayasan Manarul hidayah lan Penasihat Pesantren
Al Inayah minangka warisan teka wong tuweke.
   Ring sela-selane acara coblosan, wong-wong Ikawangi uga dihibur kesenian kendhang kempul, seliyane gandrung lan barong.
   Gendhing hang digawakaken salah sijine yaiku Tanah Kelairan nggawe wong-wong kerasa-rasa enget Banyuwangi.
   Ikawangi Bandung setemene nduwe kira-kira 300an anggota naming dina iku akeh hang sing bisa teka.







      

       

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.