Ikawangi Korwil Bogor Dumdum Takjil

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 12 Maret 2025 08:54 WIB)
- Laporan



Keluarga Besar Ikawangi Koordinator Wilayah Bogor tepak tanggal 9 Maret sore ngedum takjil dienggo buka puwasa, ring  Jl. Pemda Cibinong, Bogor.
   Setemene iki kegiyatan rutin hang dianakaken saben taun ring minggu kawitan lan minggu kaping telu, jare Ketua Ikawangi Korwil Bogor Dhanar Komari.
   Sakat telung taun kepungkur tepak ketuane Kang Kurun, kegiyatan iki wis digelar, merga apik diterusaken. Hing kurang teka 200 bungkus hang dibagi ring acara iku.
   Kegiatan Iki jare Kang Dhanar tepak diwawancara kontributor belambangan.com Jamil Segara, tujuwane sak liyane sosial ya kanggo wadhah guyub anggotane. Uga makene bisa  terus ngelaksanakaken semboyane Ikawangi Pusat yaiku Nggendhong Indhit Megiyet Bareng. Kabeh pengurus lan anggota tiblakan kanggo biyayane acara Berbagi Takjil Iki, kelebu ana Kang Selo alumni IPB. Kang Selo malah nggawa kanca-kancane teka Paguyuban Laros Bogor dienggo nyokong kegiyatan iki.
   Ketua Bidang Sosial, Kang Suparjo, ngomong gok panganan Takjil hang diedum nyang wong liwat iki ya tukune ring anggotane dhewek makene bisa nulungi UMKM wong Ikawangi korwil Bogor. Salah siji tujuwane iku, kadhung bahasa Indonesiane "Dari Ikawangi untuk Ikawangi."
    Jare Kang Suparjo ana pisan tukang gawe banner/spanduk lan pidio yaiku kang Irfan anggota dhewek pisan.
   Sore iku kang teka ana emeh sekitar wong rong puluh kurang lebihe:
1. Kang Dhanar Komari (Ketua)
2. Kang Dukut (Wakil Ketua)
3. Kang Agus Sulaiman (Sekretaris)
4. Mbok Dina (Sekretaris)
5. Mbok Vivie (Bendahara)
6. Mbok Ulfa (Bendahara)
7. Mbok Diyah (Humas)
8. Kang Suparjo (Ketua Bid. Sosial)
9. Mbok Prietiawatini (Anggota)
10.Mbok Saypatul Ulfa (Anggota)
11.Mbok Farida (Anggota)
12. Kang  Cut Nya Din (Bidang Keamanan)
13. Kang Harsono (Anggota)
14. Mbok Swarni (Anggota)
15. Mbok Meri Arnita (Anggota)

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Laporane Jamil Segara