Ikawangi Milu Apik Merga Banyuwangine Apik

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 06 Mei 2024 07:40 WIB)
- Laporan



Ikawangi Milu Apik Merga Banyuwangine Apik

Ketua Umum Ikawangi Pusat mayjen (purn) Rusdi Maksum ngomong gok arume aran Ikawangi iku merga Banyuwangine apik.
   "Mangkane Isun titip nang Ibu Bupati kudu njaga makene Banyuwangi tetep moncer," jare Pak Rusdi ring iwuh halal bihalal Ikawangi Pusat Jakarta hang dianakaken ring Padi Sport Center, Cikupa Tangerang.
   Katon nekani iwuh iku seliyane Ibu Bupati Ipuk Fiestiandani lan lakine MenPANRB Abdullah Azwar Anas uga ana menteri Pariwisata dhongkol Arief Yahya, para sesepuh Ikawang kayata Pak Sutarjianto lan Pak Hafandi Noer, uga ana ketua Ikawangi sedurunge hang tau dadi walikota Jakarta Utara Pak Bambang Sugiyono, kabareskrim dhongkol Susno Duaji, Pak Taufik Rohman Sekdin Disbudpar, Asisten Kesra Banyuwangi Pak Yanuar Bramuda, Direktur Pemasaran Dalam Negeri Kementrian Pariwisata, Marhaen. Iwuh HBH iku ditekani atusan warga Ikawangi Pusat hing mung hang ana ring Jakarta Pusat, Utara, Selatan, Timur, taping uga teka Depok, Bekasi, Tangerang Selatan, Tangerang Raya, Cilegon-Merak-Serang uga Karawang-Purwakarta-Subang-Cikampek.
   Banyuwangi saiki wis moncer kelawan nggayuh pirangane penghargaan. "Iki kudu diterusaken makene kene minangka wong Banyuwangi hang manggon ring njaba bisa saya anter mberak gok kene iki wong Banyuwangi," jare Pak Rusdi.
   Bupati Ipuk setuju nong Pak Rusdi. Prestasi hang digayuh Banyuwangi merga sokongane kabeh pihak, kelebu Ikawangi.
   Jare Bu Ipuk, kanggo nambahi makene saya moncer Ikawangi kudu bisa njuwut papan minangka conto hang ngewani semangat nyurung lalare enom Banyuwangi makene nggawe prestasi.
   Bu Ipuk uga ngarepaken Ikawangi bisaa dadi inkubator kanggo warga Banyuwangi mbangun jaringan ekonomi anyar teka Banyuwangi nyang pirangane kutha lan negara manca panggonan uripe wong Banyuwangi semebar.
   "Mayo merujukaken ekonomi aseli Banyuwangi ambi dhaerah-dhaerah liyane," jare Bu Ipuk.
   Ikawangi Pusat diedegaken sakat taun 1972 antarane ambi Pak Sutarjianto lan Pak Hafandi Noer nganggo aran Pewangi Jaya, aju silur dadi Ikawangi seperene.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.