Ikawangi Pusat Arep Milih Ketua Umum Anyar

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 29 Juli 2025 06:18 WIB)
- Laporan



Ikawangi Pusat Arep Milih Ketua Umum Anyar

Ikatan Keluarga Banyuwangi (Ikawangi) Pusat kudu wis ngetap wulu kanggo nggelar pemilihan ketua umume hang anyar.
   Ketua Umum Ikawangi Pusat Mayjen (purn) Rusdi Maksum ngomong gok ngarepaken enteke masa jabatane ulan September ngarep iyane arep kecaruk Bupati Banyuwangi Ipuk Fiestiandani, bupati dhongkol Pak Anas lan menteri pariwisata dhongkol Pak Arif Yahya ngomongaken iku.
   Pak Rusdi ngomong tepak iwuh mengeti dina dadine Ikawangi Tangerang Raya kaping 6 tanggal 27 Juli ring Rumah Joglo Ardes, Tigaraksa, Tangerang.
    Seperene durung katon nyang sapa tongkat estapet kepemimpinan arepe diserahaken.
    Pemilihan ketua umum Ikawangi Pusat dianakaken saben telung taun sepisan nepaki mareki dina dadine ring tanggal 16 September.
   Iwuh ring Tangerang iku ditekani Pembina lan pendiri Ikawangi kawitan Pak Hafandi Noor, ketua umum Ikawangi dhongkol Kang Bambang Sugiyono, ketua-ketua korwil Ikawangi sak Jabodetabek, Tangsel lan Serang, uga para pengurus Ikawangi Pusat kelebu wakil Ketua Umum Kang Sudibyo Widodo, pengurus liyane mbok Sofi, mbok Iin, mbok Sule, mbok Dina lan dhayoh hang paling adoh Ketua Umum Ikawangi Sumatera Selatan kang Soeroso.
  Sakwetara iku Ketua panitiya iwuh yaiku Kang M. Ngafif ngomong gok Ikawangi hing mung dadi wadhah kumpule warga asal Banyuwangi naming hang lebih penting bisa saya ngeraketaken lan ngguyubaken seduluran.
   Paran maning bisa dipasthekaken ring iwuh-iwuh gedigi mesthi ana kesenian aseli Banyuwangi hang dianten-anteni warga lan pirangane macem panganan has kaya rujak soto, bakso, temulawak lan liyane.
   Ikawangi Tangerang Raya ngewani hiburan kanggone warga Ikawangi hang wis kangen nong kesenian Banyuwangi.
   Nyeja nekakaken pirangane seniman lan kesenian langsung teka Banyuwangi yaiku Sanggar seni Kuwung Wetan. Kelebu artis kendhang kempul senior Sumiati, Kharis Key, Meggy Diaz. 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor