IWAPI Banyuwangi Jenggirat Kanggo Ekonomi Kreatif lan Pariwisata
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 06 Februari 2026 06:45 WIB)
- Laporan
IWAPI Banyuwangi Jenggirat kanggo Ekonomi Kreatif lan Pariwisata
Banyuwangi mula rame ring gawe. Hj. Nina Kristanti Diani, SE, periode iki dadi Ketua Ikatan Wanita Pengusaha Indonesia (IWAPI) Kabupaten Banyuwangi masa bhakti 2026-2031.
Pelantikane disakseni Iwapi Ranting sak Banyuwangi lan ditekani DPW IWAPI Jatim. Istimewane maning dikukuhaken ambi Bupati Banyuwangi, Bu Ipuk ring Hotel Illira dina Kemis tanggal 5 Pebruari 2026.
IWAPI Banyuwangi diedegaken tahun 1995. Ibu Hj. Chasiastuti Suherman lan Ibu Hj. Soemartini Moenaris hang celukane Bu Waluyo hang ngawiti Iwapi Banyuwangi.
Iwapi Banyuwangi wis dadi agul-agule organisasi pengusaha wong-wong wadon hebat, aktip ring donya bisnis lan ngarumaken aran Banyuwangi.
Tepak dipimpin Hj. Retno Herlina Kosgorowati hang wis mimpin rong periode (2018-2026), IWAPI Banyuwangi bisa ningkataken nilai transaksi bisnis anggota sampek triliyunan rupiah lan ngembangaken program-program pemberdayaan perempuan pengusaha sampek anane ranting-ranting, lan baksos pengetahuan lan pengalaman nong pawon UMKM.
Anane kepemimpinan anyar, ya artine motipasi anyar njaga jenggirate Banyuwangi.
Nina nduwe tekad ngembangaken IWAPI nang 25 kecamatan Banyuwangi. "Isun siyap nggawa IWAPI Banyuwangi maju lan saya merujuk nggawe ekonomi Banyuwangi saya makmur!" ujare.
Nina hang pengusaha seprei ambi homestay ya ngungkapaken rasa sukure ulih dhukungan teka keluwarga lan kanca-kancane alumni SMPP 86.
Ketua Kadin Banyuwangi, David Wijaya Tjoek, duwe angenan IWAPI bisa duwe peran nang pemberdayaan perempuan pengusaha serta ningkataken daya saing UMKM. Utamane posisi sererategis kanggo ningkataken ekonomi inklusif lan berkelanjutan.
Bupati Banyuwangi, Ipuk Fiestiandani, milu ngapresiasi lan duwe angenan Iwapi bisa ndhukung program pemerintah, kelebu hilirisasi lan digitalisasi UMKM. "Suksese pengusaha kadhung nduwe karyawan hang sejahtera." ujare.
Acara pelantikan hang ditekani pengurus IWAPI Jatim, utusan DPC Situbondo, Jember, Gresik, lan Kediri cukup sukses acarane. Paran maning tambah rumang kerana ana fashion show batik hang ditampilaken anggota IWAPI, arupa wujud kaendahan Banyuwangi hang dibathik nong kain werna-werni.
(H20Arum)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.