Jalan Sehat Tingkat RW Hang Dibukak Wakil Bupati
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 12 Agustus 2025 07:06 WIB)
- Laporan
Jalan Sehat Tingkat RW Dibukak Wakil Bupati
Nong endi ana perayaan 17 Agustusan tingkat RW hang mbukak wakil bupati? Ana ring RW 05 Griya Giri Mulya (GGM), Klatak, Kalipuro Banyuwangi.
Tanggal 10 Agustus sore RW05 nggelar acara jalan sehat kanggo wargane. Bendera minangka tandha dikawitine acara Jalan Sehat iku dikebutaken Wakil Bupati Bapak Mujiono. Uga ana Camat Kalipuro Bapak Setyo Puguh Widodo, Lurah Klatak Bapak Ali Murtadho.
Mula RW 05, hususe RT 01 GGM, iki wis koncar-kancir ulih piagam penghargaan.
"Taun iki RT01/05 kepilih dadi Juara Pertama RT terbaik sak Kalipuro lan didadekaken Kawasan Percontohan Kelurahan Klatak," jare Ketua RT 01 Pak Astro Wardoyo.
Pak Astro, nduwe keahliyan bab kembang lan wit-witan, iyane ngejak wargane nandur kembang lan wit-witan liyane. Ring lemah kosong hang kelebu fasum (fasilitas umum) lan fasos (fasilitas sosial) iyane nandur bonsai. Ring ngarep dalanan hang nong RTne ditanduri kembang kertas (bugenvil) hang ngetokaken kembang sing ana putuse. Kadhung tepak rendheng rada sudha, naming tepak ketiga kembange saya ndadi.
Pak wakil bupati kensengsem ambi endahe wit-witan hususe hang ana ring RT01, jare Pak Astro. "Kadhung ring kene bisa, apuwa panggonan liyane using," gedigu abane Pak Wabup Mujiono ditirokaken Pak Astro.
Pak Mujiono uga ngewani wekas nang Pak Camat kanggo milih panggonan liya hang bisa digarap kayadene ring RT01 kono lan ndadekaken Pak Astro dadi nara sumbere.
Sakat Desember 2024 kepungkur, Pak Astro ngejak wargane nandur wit anggur. Kelawan biyaya dhewek, warga nandur anggur lan uwis tau panen sepisan.
"Ana 15 jenis anggur hang ditandur. Saiki kene wis duwe Taman Wisata Petik Anggur," jare pensiyunan guru iki. Ana nawi 50 uwit hang ditandur.
Ring Taman Wisata Petik Anggur iku Jalan Sehate sore dikawiti. Aju para pejabat nerusaken acara petik anggur ring kono.
Merga endahe, kawasan iki tau juwara PHBS (Perilaku Hidup Bersih dan Sehat) tingkat Kabupaten, Lingkungan Berseri tingkat Propinsi, Proklim (Program Kampung Iklim) Tingkat Utama Nasional.
Malah saiki kerep dadi jujugan wong kelenceran kanggo potrek lan lare KKN teka Universitas UGM lan UINSA Surabaya.
Minggu sedurunge (3/8), acara Senam lan Jalan Sehat RT01/05 wis dianakaken lan ditekani Pak Camat Kalipuro lan Pak Lurah Klatak, jare Pak Ali Rujit, warga RT01 hang dadi MCne ring acara iku.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.






