Jambewangi Dadi Saksi, Angklung Caruk Durung Mati

Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Sabtu, 05 April 2025 07:43 WIB)
- Laporan



Tanggal 4 April 2025 kelebu Lebaran petang dina, ring Gerbang Raung Desa Jambewangi Kecamatan Sempu dadi saksi kadhung Angklung Caruk Banyuwangi magih durung mati sampek dina iki. Ring panggonan wisata Perkebunan hang akeh wit-witane pinus iki dianakaken gebyar seni pertunjukan Angklung Caruk Sumber Wangi Pasinan musuh Sritanjung Banje desa Bubuk.

Masiya ana hang ngomong dhung iki angklung caruk mini tapi pakem lan urut-urutane tabuhan angklung caruk emeh digawa kabeh. Dikawiti Giro-giroan ring wayah esuk aju diterusaken larasan, hurmat, embat, sampek rebut gendhing lan keyok. Sakusinge masiya mung angklung mini (cilik) bisa dadi tamba kangene ati nong kesenian Banyuwangi hang wis emeh ilang iki.

M. Ikwan hang dadi kumendhane Angklung Caruk Sri Tanjung nerangaken kadhung iki angklung caruk mini (sing jangkep kaya biyasahe) merga sing nggawa gamelan pul kaya angklung caruk mupakate. Angklunge tetep sak setel, mung sarone disuda siji lan pekinge disuda siji. Ya kelendi maning, merga iki penjaluke hang ngundang, gediku M. Ikwan nerusaken keterangane.

Ya aran penjalukan hang ngundang kudu dituruti, gedigu Adlin Mustika hang uga milu cawe-cawe nong Gebyar Seni Angklung Caruk iki. Iki bain gamelane sing nggawa gamelan asli Angklung caruk Pasinan naming nggawa angklung laras anyar yaiku laras C# duwene JEB, hang Banje nggawa duwene angklung Pak M. Ikwan padha-padha laras anyar.

Hang dadi kabar anyar mesthine mudhune Sajidi Kendhang asal Aliyan hang milu Sri Tanjung Banje. Wis lawas pengendhang Sajidi iki sing ngendhangi merga bengen magih ana P. Waras Bolot. Sak peninggale  P. Waras pungkase Sajidi Kendhang Aliyan iki dadi gantine.

Sakliyane dikuwati Sajidi Kendhang, Sri Tanjung Banje uga nggawa pantuse hang aran Sahlan, M. Ikwan, Mulyadi Pak Parno lan Cak Nartok. Hang dadi badhute Cak Bandik. Sing kaya biyasahe iki dadi kawitane Cak Bandik mbadhut merga wis 18 tahun iyane menyang Kalimantan lan buru bisa milu angklung carukan maning ring dina iki, gedigu ceritane Cak Bandi badhut Sri Tanjung.

Sumber Wangi Pasinan magih dikendhangi Heru Kendhang Jos. Sahlan lan Tohan hang ana ring angklung. Hang ana ring Selenthem Pak Slamet lan Pak Kethut. Sumber Wangi uga dikuwati lare nom-noman hang ana ring saron kayadene Bagus, Egy, Rizal lan ditambah hang tuwek Pak Sahak. Kang Do’om magih ngethuk, Afis ana ring gong. Magih kaya biyasahe Sumber Wangi nganggo badhut Cak Majik badhut andhalane Sumber Wangi Pasinan.

Masiya sing akeh hang nonton merga manggon ana ring Perkebunan sakusinge iki dadi thukul kawitan perujuke Angklung Caruk ring taun iki. Muga-muga bain magih bisa nemoni Angklung Caruk maning ring taun seteruse.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : dokumen pribadi

Editor: Antariksawan Jusuf