Joyokaryo Ngangsu Kaweruh nang Yogyakarta
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 04 Agustus 2026 07:09 WIB)
- Laporan
Grup musik Joyokaryo makili Banyuwangi
nekani undangan pentas ring Yogyakarta Gamelan Festival. Sing sukur tampil, Joyokaryo lebih ndeleng gelaran acara iki minangka "sekolahan" kanggo sinau teka ekosistem kesenian Yogya, jare pimpinan Joyokaryo, Elvin Hendratha, nang belambangan.com.
Hang nomer siji, pentinge ndeleng menjaba (outward looking). "Seperene, kene iki dhemene mung mongkog nong awake dhewek. Sapa bain wis."
Alae kadhung outward lookinge lebih akeh bisa lebih nduwe kaweruh gok macem-macem karya seni iku akeh wernane lan duwe kelebihane dhewek-dhewek. Iki bisa mbukak wawasan ring babagan kesenian. "Makene Banyuwangi hususe, Joyokaryo, nduwe pandhangan hang lebih wera," tambah pangsiunan Kepala Cabang Bank Mandiri Banyuwangi iki.
Ring pentas suwine telung bengi iku seliyane akeh grup teka Yogya dhewek, kelebu Kiai Kanjeng, ana uga tampilan grup teka Cilacap (Sang Penabih), Jakarta (Svara Nateswari), Klaten (Formatasindo), Sampang (Daul Putra SBR), uga teka Perancis (Tiga) lan Landa (Lelana Groep).
Hang nomer loro, Joyokaryo ulih amanah teka Dewan Kesenian Blambangan, kadhung undhangan teka penyelenggara acara iki yaiku Gayam Community bisa dadi panggonan sinau manajemen panggung lebih jeru.
"Yogyakarta nduwe manajemen panggung hang apik seru. Silur teka stage 1 nang stage 2, bisa lancar. Kabeh anggota panitiyane episien, nduwe inisiatip, tanggung jawab, lan integritas hang ndhemenaken. Hing cumong nang panggung, tapi sakat kene ulih undhangan sampek balik maning nang Banyuwangi, diurusi kelawan bener," jare Elvin.
Seliyane iku Elvin uga ndeleng kelendi komunitas ning Yogya mbangun jaringan. "Pemerintah mung dadi pemicu, aju komunitase hang melaku dhewek. Perjwuangane makene bisa dadi, process, cycle life, community iki apik seru disinaoni."
Ana paribasan hang kerep diomongaken ring Elvin. "Banyuwangi iku ibarate perawan ayu. Yogya kaya lare wadon setengah umur." Banyuwangi iku ayu naming hing pati bisa diejak gesah. Dene Yogya, wis setengah umur naming enak diejak gesah. "Sampek bisa jumbulaken pitakonan 'Kapan balik maning nong Yogya'. Kadhung nong Banyuwangi, wong kaju mung sukur ning mata, taping hing sampek ring ati."
Elvin uga niteni ring panggung iku werna-werna kekarepane. Ana hang mung sukur ngibur, ana hang riset pengembangan kanggo inopasi, ana hang tujuwane konserpasi aseli.
Prosese iki dhewek-dhewek lan bisa ngewani cara mikir anyar makene kene hing kari gelis puwas nyang awak dhewek, jare Elvin.
Joyokaryo nyangking 10 lare generasi enom-enoman kanggo acara iku, nggawa tampilan hang diwani judhul "Sang Waktu" dibagi ring pirangane babak yaiku Wayah Subuh, Wayah Rantag, Wayah Raino, Wayah Samarwulu, Wayah Bengi lan ditutup Sembulihan.
Hang diunggah isine nampilaken sugihe uni ring Bumi Belambangan hang uneke kementhang lan ngungkung ring antarane pelog lan selendro, ngambahi dinamika Angklung Caruk, Kuntulan, Macaan lan Gandrungan.
Rombongan Banyuwangi, katon milu nyekseni acara iku ana Pak Hartono minangka Kadin Pariwisata, Pak Gede Alit Kabid Kebudayaan, Pak Hasan Basri Ketua Dewan Kesenian Blambangan, Pak Samsudin Adlawi Ketua Majelis Kehormatan DKB, lan sokongan teka 50 wong ketua lan anggota Ikawangi Yogyakarta.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.