Jugedan, Bisa Sampek Negara Manca

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 27 Agustus 2025 07:54 WIB)
- Laporan



Merga Jugedan, Bisa Sampek Negara Manca
 
Sapa ngira, mung merga pinter jugedan bisa sampek sanja nyang negara manca. Yaiku hang dialami ambi lalare hang ulan Oktober 2022 kepungkur njugedaken Gandrung nong acara ‘Experience Indonesia’ ring London, Inggris. Ana lima penari hang dikirim nyang acara iku, yaiku: Erika Nurazizah, Intana Jelita DS, Sabbrina Putri Atmaja, Mutiara Ramadhania lan Nadin Vandora Wati. Lare lima hang padha sekolah ning SMA Negeri Taruna Budaya, Rogojampi iku ketepakan ya padha-padha dadi muride sanggar Tari Sayu Wiwit, Desa Aliyan, Kecamatan Rogojampi.
   Sabbrina Putri Atmaja, salah siji lare hang milu dadi Duta Budaya Indonesia ning London, nyeritakaken kelendi rasane bisa njuged mameraken kaendahane jugedan Gandrung nong negarane Pangeran Charles. Sing nyangka lan sing ngira bisa njuged sampek nyang luar negeri.
   "Ya seneng, ya mongkog rasane ati, bisa nduduhaken seni budaya teradhisional Banyuwangi nong kana,” jare Putri – celukane Sabbrina Putri Atmaja.
“Ya magih kepingin seru main nong luar negeri. Bisa tambah pengalaman, kelendi rasane njuged dideleng ambi uwong-uwong bangsa liya. Paran maning, pihak sekolah ndhukung seru nyang kegiyatanisun dadi penari,” abane.
   Wangune, bakat hang diduweni ambi murid-murid sanggar Tari Sayu Wiwit sing sukur-sukur bisa njuged, naming wis kelebu pantes dipameraken ring negara manca. Sak durunge main nong London, ulan Januari 2019 kepungkur ana 4 (papat) lare murid Sanggar Tari Sayu Wiwit hang dikirim dadi Duta Budaya nyang Festival Janadriya, Riyadh, Saudi Arabia. Lalare penari iku yaiku: Nuril Firdaus Rahmadani, Angelin Kartika Sari, Erlinda Fibriani, Aghyata Pratiwi Putri Santoso.
   Beda negara ya beda ulihe pengalaman. Gedigu hang dialami ambi lalare penari iku. Kadhung tepak main ning London, sak liyane ulih upah hang sing sithik kanggone lalare penari, yaiku 12 juta rupiah angger lare, ya pengalamane diejak keliling nang panggon jujugan wisata hang ana nong kana. Aju kelendi pengalamane lalare tepak main nong Festival Janadriya?
   Kaya hang diceritakaken ambi Erlinda Fibriani, Iyane sing nyangka kadhung mung kerana bisa njuged bisa duwe pengalaman lahir batin hang sing bakal bisa dilalekaken. Paran iku?
   Kabar hang diterima penulis, sak liyane ulih picis – masiya sing kari akeh kaya ulihe lalare hang dikirim nang London, naming ulih hadhiyah umroh teka panitiya. “Mongkog, terharu. Kudu nangis rasane. Ya Isun sing nyangka magih cilik gedigi wis bisa umroh, wis nggadug nong
Mekkah mung merga bisa njuged. Alhamdulillah, Ya Alloh,” ujare Erlinda ambi ngembeng iluh.


(Eko Budi Setianto)

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor