Juwara Jebeng Thulik 2025 Ulih Buku Basa Using

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 12 Desember 2025 05:40 WIB)
- Laporan



Juwara Jebeng Thulik 2025 Ulih Buku Basa Using

Tepak artis penyanyi Virgia Hasan dijaluki kancane ring Paguyuban Jebeng Thulik (JT) Banyuwangi paran hang bisa dielungaken nang pemenang, Virgia hing kathik mikir dawa: buku basa Using!
   Anake penulis kamus Bahasa Daerah Using-Indonesia Pak Hasan Ali iki hing gelem ngewani barang kaya voucher madhang, merga dienggo sepisanan bain entek. Hing ana ilmu hang bisa digawa lalare iku sampek mbisuke. Paran maning ring materi pembekalan lalare iku ana bahasan basa Using.
   Virgia ngewani buku Juger-Juger Basa Using, kumpulan tulisan kolom hang ana gandhengane ambi basa Using terbitan Sengker Kuwung Belambangan (SKB). Aju kanggo ngancani, SKB nambahi rong judhul buku yaiku antologi cerita cendhek Using 2025 Leroban lan Kembang Ronce 2022, kumpulan cerita cendhek Using asile lomba.
   Telung buku iku arep dielungaken nang pasangan Juwara 1, 2, 3, Juwara Harapan 1 lan harapan 2 engko marek ditamtoaken pemenange JT tanggal 15 Desember ring Gesibu Taman Blambangan.
   Jebeng Thulik taun 2025 iki dipiloni 170an lare (110 Jebeng, 60an Thulik) hang acara saringane wis digelar tanggal 16 Nopember sore, jare ketua panitiyane Ryan Triatmaja hang tau milu JT taun 2019.
   Aju tanggal 23 Nopember wis dipilih 12 pasang JT. Engkisuke tanggal 24-30 Nopember lalare iki milu pra-karantina hang isine pembekalan ilmu macem-macem. Kayata Paes (grooming), bahasa Inggris, Presentasi, Bappeda, Organisasi, Kelas kecantikan, Tata cara nang meja makan (table manner), Ngadi salira ngadi busana, Kewirausahaan, Protokoler, dadi penyiar berita, uga Pengetahuan bab budaya Banyuwangi lan basa Using.
   Virgia lan ketua Dewan Kesenian Blambangan Hasan Basri ngewani materi budaya Banyuwangi, dene bab basa Using dipaserahaken nang Kang Ujik.
   Jare Ryan hang saiki aktip ring Perkumpulan Jebeng Thulik lan anggota SatuPintu Production, sakat tanggal 1-7 Desember, 12 pasang lalare iki dikarantina kelawan magang ring 12 Satuan Kerja Perangkat Daerah (SKPD) yaiku Dinas Pengairan, Dinas PUCKPP, Dinas Pendidikan, Dinas Perpustakaan dan Kearsipan, Dinas Lingkungan Hidup, Dinas Kesehatan, Dinas Sosial PPKB, Dinas Kebudayaan dan Pariwisata, Dinas Perhubungan, Dinas Pertanian, Dinas Koperasi lan Dinas PMPTSP.
  Marek magang, lalare iki dikongkon njelentrehaken asile. Buru kisuke tanggal 8-14 milu Karantina Intensif, hang isine pemantapan materi Grand Final, outbond lan kegiyatan liyane.
   Sak mareke Karantina Intensif, lalare iki miloni acara pungkasan tanggal 15 Desember kanggo namtoaken sapa hang juwara ring JT 2025.
   Iwuh JT Banyuwangi iki kelebu acara hang wis sakat bengen digelar. Hang kawitan nggawe acara gedigenan setemene Abang None Jakarta taun 1972. Aju Banyuwangi taun 1973 wis mangkat nggawe acara JT. Wis lebih 50 taun.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf