Siji maning novel basa Using, Lereng Bukit Giri karyane Kang Ujik, dadi obyek penelitian sekripsine Fernanda, mahasiswa Universitas Jember.
Sekripsine nduweni judhul Fenomena Realisme Magis dalam Novel Lereng Bukit Giri Karya Kang Ujik dan Pemanfaatannya sebagai Alternatif Pembelajaran Sastra di SMA diuji 30 Sep.
Fernanda Rio Prayoga lare asal Desa Sukorejo, Kecamatan Bangorejo, Banyuwangi mahasiswa Pendidikan Bahasa dan Sastra Indonesia
Bab hang dadi pokok penelitiane yaiku wujud-wujud realisme magis hang digambaraken liwat santet, sumpah pocong, lan jumbule kucing putih.
"Nalika maca Lereng Bukit Giri, isun kepincut ambi carane Kang Ujik nggawa fenomena magis ring tengah uripe masarakat hang digambaraken kelawan cetha," jare Fernanda.
Kawitane setemene ana dhosene hang aran Prof. Dr. Akhmad Taufiq SS, M.Pd hang ngewani pituduh ngongkon juger-juger neliti sastera werna lokal.
Aju iyane gesah ambi kancane, lare Rogojampi Putri Nurul Azizah hang kumpulan cerita cendheke Sisik Melik tau diterbitaken Sengker Kuwung Belambangan. Teka kono Fernanda milih novel Lereng Bukit Giri (diterbitaken Balai Bahasa Jawa Timur) hang setemene dialihbasa teka novel basa Using Pereng Puthuk Giri.
Kadhung diitung sakat pelanggeran anyar basa Using dikenalaken ruwahe Hasan Ali taun 2002, Pereng Puthuk Giri (2005) iki kaitung novel Using hang kawitan.
Teka kono aju Fernanda njumbul kerentege ngaji novel mauka nganggo perspektif realisme magis lan antropologi sastra. Iyane ndeleng kelendi kahanan hang ana ring cerita iku sak jerone konteks budaya uga kaweruh lokal masarakat hang digambaraken ring novel.
Asile penelitian iku nduduhaken ana 31 wujud realisme magis hang digambaraken liwat santet, sumpah pocong lan jumbule kucing putih. Kahanan iku bisa didadekaken pilihan sinau sastra ring fase F hang ngemu materi, pethikan teks, kegiyatan sinau, lembar kerja utawa tugas, lan asesmen utawa penilaian.
Fernanda nggarap sekripsine sakat seminar proposale ulan Pebruari kepungkur aju disidhang tanggal 30 September 2026.
Hang nggawe njumbule rasa kepingin juger-juger iku teka carane Kang Ujik nggawa unsur-unsur magis kaya santet, sumpah pocong lan kucing putih ring tengah uripe masarakat hang digambaraken kelawan realistis. Kahanan mau sing mung dadi bagiyan teka crita, naming uga ana gandhengane amvi urip sosial masarakat, kelebu njumbule rasa wedi, perasangka lan konflik antarane wong-wong ring kono, jare Fernanda.
Paran maning akeh ucap-ucap lan istilah hang digawe kelawan miji-miji dienggo njelentrehaken kahanan uripe serawungan masarakat desa.
"Isun ngerasa kaya mbukak jendhela kanggo lebih ngenali budaya Banyuwangi liwat maneka sumber," tambahe Fernanda hang cumpu durung tau maca novel aseline nganggo basa Using.