Kang Yadi, Laris Lukisane Taping Hing Gelem Didikte Pasar
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 28 Desember 2024 08:30 WIB)
- Laporan
Paran hang ditinggalaken kang Yadi kanggo lalare pelukis Banyuwangi kadhung teknik lukisane hing bisa ditiru?
"Semangate. Kadhung ukurane ekonomi, lukisane laris taping hing gelem didikte pasar lan milih ambi carane dhewek," jare Henri Nurcahyo penulis biografine ruwahe Kang Yadi tepak nggesahaken bukune bareng ambi 100 dina ruwahe dina Sabtu seminggu kepungkur.
Kang Yadi salah siji seniman hang ngedegaken Sanggar Kamboja ring Ubud Bali. Sanggar Kamboja iki kesuwur minangka sanggar hang ngasilaken lukisan pasar: pemandangan, kembang.
Kadhung nggelar pameran milu Sanggar Kamboja nang Jakarta, Kang Yadi nggawa enem lukisan, hang payu bisa 12, jare Henri.
"Entek, ngelukis maning, dipajang maning, payu maning."
Jare Henri Kang Yadi mituhu nggandholi idealismene, lukisane larang lan nembus lepel paling dhuwur.
Dummy bukune seru "berbobot" merga kandele. Mangkane jare Henri kadhung ana tambahan, mesthine didadekaken buku liya.
Karyane ruwahe magih bisa didadekaken pirangane buku maning, jare Henri. Umpamane ngomongaken seketsane, ngomongaken Kang Yadi lan periodisasi lukisane.
Henri hang umahe ring Sidoarjo tepak sore buru teka mudhun sepur nunggang ojek hang dijujug kuburane Kang Yadi hang dipetek ring pemakaman keluarga, isine mung petang kuburan, Kang Yadi, wong tuweke loro lan anak wadone.
Aju Henri ngetokaken buku dummy-ne disendhenaken paesane lan ngirim Patihah.
Henri getun hing nggawa kembang kirim teka umah merga sak dawane dalan hing ana wong adol kembang. Tepak arep metu pemakaman, iyane nemu wit kembang kenanga, gancang dipethik lan balik maning. "Kang, bukunira wis marek. Rika kok kesusu mulih sulung Kang? Sepurane, Isun buru bisa marekaken saiki," jare Henri kaya hang diceritakaken ring medsos-e.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.