Karya Sastra Minangka Kerenteg Nggedhekaken Basa Using
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 11 September 2025 05:27 WIB)
- Opini
Karya Sastera Minangka Kerenteg Nggedhekaken Basa Using
Tepak acara peluncuran wolung buku basa Using "Banyuwangi Mecah Rekor" tanggal 6 September, sasterawan Kang Fatah Yasin Noor milu ngewani penemune ring sesi urun rembug.
Iyane ngomong gok basa Using enake sewates mung dienggo omong-omongan (gesah aliyas ucap utawa tutur-red)
Nyilih omongane Kang Yon DD, "Basa Using iku lebih enak diomongaken timbang ditulis. Kadhung diomongaken digi enak taping sarta diabadikan dadi tulisan dadi carut marut. (Basa tulis) arep digawe seragam, cumpu wis pirang taun tetep hing bisa."
Sasterawan liyane, Kang Ujik (Abdullah Fauzi), njelentrehaken sulung sejarah apuwa gok basa Using ditulis. "Perjuwangane Pak Hasan Ali lan liya-liyane merga kepingine Basa Using diakoni minangka basa dhewek naming kudu ana karya sasterane, ana buku tata bahasane, ana kamuse. Iki kabeh kudu ditulis."
Kang Ujik ngewani conto kelawan ukara: Anakisun nomer loro wetenge loro. Rong ucap iku mesthi dibedakaken tulisane, 'loro' lan 'lara', makene hing dadi salah paham.
Jaman ruwahe Pak Hasan Ali magih ana bengen, tau ngewani wekas nang isun, bahasa Using kudu dadi basa hang wutuh, lisan lan tulisan. Basa Using bisa dadi alat nguntabaken pikiran (ring karya ilmiyah) lan perasaan (ring karya-karya sastra). Kadhung mung sewates lisan, basa Using gancang ilang dipangan jaman.
Bahasa Indonesia bain, hang saiki diakoni PBB minangka basa internasional nomer 10 hang dienggo ring sidang PBB, ring peraktik lisane macem-macem. Wong Medan, wong Melayu, wong Jawa, wong Medura, wong Bali, wong NTT, wong Makasar, wong Menado, wong Maluku, wong Papua duwe ciri lan logat dhewek-dhewek. Ring donya tulis, kabeh dadi padha. Carut-marut? Using, malah bahasa Indonesia diakoni sak donya.
Nyatane hang didakwa carut-marut iku wis ketata ring sekolah-sekolah, diajaraken nang lare-lare, duwe pelanggeran hang dipiloni ambi Dinas Pendidikan. Ring Festival Literasi, hang uga dipadhakaken ambi program Revitalisasi Bahasa Daerah teka Badan Bahasa, ana pelajaran Nulis lan Nulis Cerita nganggo aturan hang melaku.
Kadhung magih ana hang nganggep Basa Using saya carut marut, hun jawab mesthine mandheg wis mbahas gedigenan. Apike akehana karya sastra (tulis) basa Using.
Diakoni tah? Ya sembarang iku ana perosese. Hing mara-mara dadi lan mecungul, basa Using wis mara-mara sak jajar ambi basa Indonesia.
Peroses umpamane kelebu digi. Pak Hasan Ali tepak ngawiti nggawe aturan nulis nganggo basa Using, hing tau ngimpi gok cumpu karya tulis hang nganggo basa Using bisa ngalahaken karya sastera basa Jawa taun 2017, 15 taun sak uwise Pak Hasan ngetokaken kamus lan aturan liyane.
Novel Agul-Agul Belambangan karangane Moh. Syaiful bisa ulih hadhiyah Rancage ring kategori Basa Jawa, ngalahaken 19 karya basa Jawa liyane hang melebu ring panitiya.
Dadi kelendi enake? Umpamane bisa bareng-bareng nggedhekaken kamus basa dhaerah Using-Indonesia hang wis dikawiti Pak Hasan dadi kamus hang saya lengkap, saya akeh nyathet ucap-ucap hang ana, basa Using saya jejeg.
Karya tulise diakehi. Kamus basa Inggris, hang duwe 300.000 lema ring kamuse (basa Using 24.000), uga digedhekaken teka istilah lan ucap-ucap hang dienggo ambi para sasterawan.
Agul-Agul Belambangan wis ulih Penghargaan Rancage, ayuk lebih peroduktip maning kelawan ngerebut penghargaan liyane.
Isun yakin gok Panitiya Rancage gelem nggawe kategori basa Using kadhung ana karya perorangan limang judhul buku setaune. Sanggup tah? Saiki bain njumbula setaun siji bain wis girang.
Hang hun cathet sakat 2013, seliyane Agul-Agul Belambangan, mung ana novel Niti Negari Bala Abangan karyane Hasnan Singodimayan, Wilis garapane Mas Aji Ramawidi, lan hang anyar, Ontrang-Ontrang Langit Payaman karyane Kang Ujik.
Isun wis girang ana kang Fatah Gelem teka ring acara Banyuwangi Mecah Rekor, iku bain hun anggep wis ngewani semangat lan ngeregani lakune lalare hang wis gelem nguri-uri basa Using, nerbitaken buku nganggo bandhane dhewek. Paran maning kadhung Kang Fatah lan kanca-kancane hang ngerasa basa Using tulis magih carut marut, gelem milu nyugihi donya sastera Using, pantese langite basa Using saya padhang. Kadhung hing nganggo aturane Pak Hasan Ali, ana aturane hang ditulis Pak Endro Wilis. Utawa arep nganggo aturan anyar? Hang penting ana karyane.
Basa Using iki, setatuse durung patiya jejeg, mayo dijejegaken bareng.
Aturan ejaan hang wis ana, hing patiya enak kanggone wong-wong tuwek, taping hing dadi perkara kanggone lalare hang sakat SD wis diwulang aturan hang bener.
Basa Using saya bisa jejeg kadhung wong kabeh bisa milu urun paran hang bisa dilakoni lan mandheg ulihe nggedhekaken pating paido golet benere dhewek.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.