Kedadeyan Hang Ngemu Sejarah ring Tembokrejo

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 01 Juli 2025 06:51 WIB)
- Laporan



Ana kedadeyan paran hang perlu dicathet ring buku sejarah Banyuwangi minggu sore ring Tembokrejo Muncar?
   Tembokrejo minangka salah siji situs peninggalan kuna ring Banyuwangi, sore iku dadi saksi penting kaya hang diumbulaken salah siji sejarawan hang dadi narasumber ring Gesah Sejarah kanggo mengeti dina dadine desa Tembokrejo tanggal 1 Syuro 1922.
   Jare Pak Thomas Racharto, sejarawan penulis buku Balambangan Kuno (Abad XIII-XIV) lan hang duwe Omahseum, Bupati Banyuwangi wis ngetokaken SK no. 188/78/KEP/429.011/2025 bab Penetapan Situs Tembokrejo Banyuwangi sebagai Situs Cagar Budaya peringkat Kabupaten.
    "Iki kabar apik hang kudu disukuri masarakat Tembokrejo hususe lan pegiyat sejarah, budaya ring Banyuwangi umume."
   Malah jare Mas Aji Ramawidi sejarawan lan penulis pirangane buku kelebu Suluh Blambangan lan Suluh Blambangan 2, "Arang-arang Bupati gelem ngetokaken SK bab situs sejarah."
   "SK iki bersejarah merga kayane iki bakal dadi SK pungkasan," tambah Mas Aji.
   Mula pelindhungan panggonan hang nduweni nilai sejarah ring Banyuwangi iki seru abote.
  Jare salah siji narasumber hang uga Ketua Tim Cagar Budaya ring ngingsore Dinas Kebudayaan lan Pariwisata, "Kadhung hing ana SK, hing kira ulih sokongan picis sak uprit-uprita."
   Nasibe tim CB iku bain saiki hing jelas. "Merga kesandhung masalah sertifikasi anggotane," jare Bu Titin.
   Tim CB Banyuwangi diedegaken taun 2014. Tepak iku hang mrakarsai guru lan sejarawan Pak Suhalik, naming cumpune iyane hing gelem lungguh nong njero. Aju ditunjuk, ketuane Bu Titin lan anggotane B. Wijayanto, Ilham Triadi empu keris, Winarso praktisi keramik Kuna lan Miskawi, dosen sejarah Uniba.
  "Minangka kumpulan, kene hang ana ring Omahseum, ketepakan ambi mengeti Hari Purbakala hang kaping 112, niteni maning pentinge sejarah Tembokrejo kanggo merujukaken maning wigati nang penelitian, paling using nguripaken maning sikap dhemen nang sejarah kaya embah-embah bengen. Kaya hang tau dilakoni Balai Arkeologi Nasional Yogya saiki BRIN."
   "Sejarah asal-usul temuan arkeologis ring Tembokrejo, kaya hang dilaporaken Hermes nang Dinas Purbakala Hindia Belanda tahun 1929," jare Pak Thomas.
   Jare Bu Titin penelitian ring Tembokrejo buru dilakoni sakuwise Indonesia Merdeka, yaiku ring taun anggaran 1993-1994 ambi Balai Arkeologi (BALAR) Yogyakarta. Lembaga iku pisan nggawe penelitian ring taun anggaran 1994/1995.
   Mangkane metune SK Bupati iku kelendi-kelendiya kudu disukuri. "Paling using kanggo pelestarian lan pemeliharaan."
   Bu Titin ulih informasi kurang anane wigati teka masarakat lan pemdes.
   "Situs-situs hing dirawati malah dadi panggonan mbuwang dheket, contone  ring dusun Sukosari Desa Belambangan."

   

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Reportase tambahan teka Mas Aji Ramawidi

Editor: Hani Z. Noor